09/04/21

 Serat wedhatama pupuh sinom

Serat wedhatama kuwi salah siji serat anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Sri Mangkunegara IV. Serat wedhatama duweni limang pupuh yaiku: Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, Kinanthi. Tembung serat duweni teges “tulisan”, dene tembung wedhatama duweni teges “piwulang luhur”. Serat wedhatama pupuh sinom dumadi saka 18 pada kang ngemot piwulang luhur. Tembang-tembang ana ing serat wedhatama kaiket dening paugeran guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan.

Tembang sinom anggitane Kanjeng Sunan Giri Kedhaton, duweni sasmita (pratandha) kayata: anom, taruna, srinata, ron kamal (godhong asem), pangrawit, logondhang. Sing dikarepake yaiku pucuke godhong sing isih kecut. Dene watake tembang sinom yaiku wantah (katon kaya ing salugune), tresna asih, canthas, trengginas. Cocok kanggo bab-bab kang sarwa lincah, nggambarake sipat kang cukat trengginas, lsp. Tembang sinom kuwi maksude enom, nggambarake wayah enom, watake golek pangalembana utawa grapyak, luwes, gampang srawung.

Gatekna pada tembang ing ngisor iki!

Nu-la-dha la-ku u-ta-ma   (8 a)

Tum-ra-pe wong ta-nah ja-wi  (8 i)

Wong a-gung ing ngek-si-gan-da  (8 a)

Pa-nem-ba-han se-no-pa-ti  (8 i)

Ka-pa-ti a-mar-su-di  (7 i)

Su-da-ning ha-wa lan nep-su  (8 u)

Pi-nep-su ta-pa bra-ta  (7 a)

Ta-na-pi ing-si-yang rat-ri  (8 i)

a-me-ma-ngun kar-ye-nak tyas ing sa-sa-sa  (12 a)

Saka pada kuwi bisa didudut yen paugerane tembang macapat sinom yaiku:

Guru Lagu: dhong dhing ana ing piungkasane gatra, utawa tibaning swara ana ing pungkasane gatra. Ing pada kuwi katulis kanthi garis ngisor lan ditulis kandel

Guru Gatra: cacahe gatra saben sapada. Ing pada kuwi yaiku wiwit gatra/baris nuladha laku utama nganti gatra amemangun karyenak tyasing sasama.

Guru Wilangan: cacahing wanda/suku kata saben sagatra. Ing pada kuwi katulis kanthi benggang – (strip)

Tuladha Cakepan Tembang Macapat

01/08/18


MIJIL
Para  kadang  pada nguri-uri
Kita kudu ngamong
Budayane kaya wayang golek
Wayang wong sartane wayang kulit
Barongan lan srimpi
Kudu dilestantun

SINOM
Mitra ayo golekana
Mligi utamane urip
Yaiku ngelmu lan manembah
Manembah mring gusti siji
Taberiya goleki
Sakabehing werna ngelmu
Bektiya marang bapa
Mring biyung tresna lan asih
Mangkana iku mligi urip utama

KINANTHI
Poma kaki aja tunu
Wanadri ing saben wukir
Becik wuwuhan wreksa
Tembe lestari ing wuri
Dadi panggonane satwa
Angrawat bumi pertiwi

DHANDHANGGULA
Poma kaki aja nganti lali
Mring wajibe ngamongi budaya
Lir brokohan lan sekaten
Lan samekta mituhu
Mring wajibe reboisasi
Among wreksa lan wana
Uga kudu patut
Konservasi  pawiyatan
Supayane dadi manungsa kang wasis
Lan migunani bangsa

ASMARADANA
Lir pitutur kang sayekti
Menawa ana sasmita
Sakeh sunare penggedhe
Sumurup tanpa miguna
Jalaran saka dremba
Lan luput mituhu
Mring ngarsa gusti kuwasa

GAMBUH
Aja lali mitraku
Piwelinge guru waskitamu
Kudu taberi ngabekti lan marsudi
Kabeh tinancep ing kalbu
Supayane dadi bejo

MASKUMAMBANG
Mumpung  anom elingana poma kaki
Pituduh kayata
Ana catur mungkur ugi
Jer basuki mawa beya

DURMA
Budi becik dadi lumantaring bejo
Dene dursila kuwi
Cikale cilaka
Mila sira dadyaa
Manungsa nduweni becik
Sarta susila
Kuwi wijine urip

PANGKUR
Bumi iki anduweni
Bandha lan raja brana kang linuwih
Sadumuk sarwa cinukup
Samapta mring manungsa
Sakeh migunani lan sarwa linangkung
Tumrap poma mawa beya
Lan saguh ngadhepi urip

MEGATRUH
Among lan nguri-uri budaya iku
Sawijining konservasi
Sekaten ing wulan mulud
Larungan lan dekah bumi
Dadi sawijining conto

POCUNG
Putra kuwi kudu bekti marang biyung
Naberi pitedah
Teteg ati ing marsudi
Luhung sipat tata budi kanthi sabar





 Kudus, 01 Agustus 2018








Kawruh basa

10/10/16

Apa bedane cangkriman lan wangsalan?

Cangkriman
Unen-unen kang kudu dibatang maksude. Cangkriman kuwi kudu digoleki maksude, nanging yen wangsalan kuwi wangsulan utawa maksude wis cumawis nanging, disampirke. Cangkriman kuwi kaperang dadi papat, yaiku:
1. cangkriman wancahan
   wancahan saka tembung wancah kang ateges cekak. Dadi wancahan kuwi cekakan.
tuladha : kabaketan kuwi cekakan saka nangka tiba ing suketan.  Tembung sing daktulis kandel kuwi yen digabung bisa dadi kabaketan.

2. cangkriman irib-iribing barang utawa pepindhan. cangkriman kuwi ana barang sing dimemperke utawa dimiripake karo barang sing nyata.
tuladha : sega sekepel dirubung tinggi dimemperake salak

3. cangkriman blenderan
cangkriman iki ana tembung sing nyata nanging digawe bingung. 
tuladha: wong wudunen sugih pari. Tembung pari ing kene sing dimaksud yaiku paringisan utawa mringas-mringis.

4. cangkriman sinawung tembang
ing kene ana tembang sing isine bedhekan.
tuladha: bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, dawa kaya ula, penclokanmu wesi miring, sing disaba, si pucung mung turut kutha. (wangsulane : sepur)


Wangsalan

(sumber : bahan ajar basa jawa kelas VII lan IX)

Kawruh basa

Apa bedane cangkriman lan wangsalan?

Cangkriman
Unen-unen kang kudu dibatang maksude. Cangkriman kuwi kudu digoleki maksude, nanging yen wangsalan kuwi wangsulan utawa maksude wis cumawis nanging, disampirke. Cangkriman kuwi kaperang dadi papat, yaiku:
1. cangkriman wancahan
   wancahan saka tembung wancah kang ateges cekak. Dadi wancahan kuwi cekakan.
tuladha : kabaketan kuwi cekakan saka nangka tiba ing suketan.  Tembung sing daktulis kandel kuwi yen digabung bisa dadi kabaketan.

2. cangkriman irib-iribing barang utawa pepindhan. cangkriman kuwi ana barang sing dimemperke utawa dimiripake karo barang sing nyata.
tuladha : sega sekepel dirubung tinggi dimemperake salak

3. cangkriman blenderan
cangkriman iki ana tembung sing nyata nanging digawe bingung. 
tuladha: wong wudunen sugih pari. Tembung pari ing kene sing dimaksud yaiku paringisan utawa mringas-mringis.

4. cangkriman sinawung tembang
ing kene ana tembang sing isine bedhekan.
tuladha: bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, dawa kaya ula, penclokanmu wesi miring, sing disaba, si pucung mung turut kutha. (wangsulane : sepur)


Wangsalan

(sumber : bahan ajar basa jawa kelas VII lan IX)

Kawruh basa

Apa bedane saroja lan entar?
Dek jaman semono, nalika isih timur, bab kawruh basa dadi bab kang wigati banget mungguh pratikelku. Kenapa ngono? gek gek basa Jawa kuwi jarene basane dhewe nanging sok nganti seprene aku durung bisa paham jerone basaku dhewe? wangsulan kuwi nembe ketemu nalika aku ngayahi jejibahan dadi dwija mudha. Ooooo jebule aku durung bisa rumangsa yen aku durung bisa. Ing kene aku mung andum kawruh sapala parihe sapa ngerti migunani tumrap para maos ing endi wae.

Tembung saroja
tembung loro sing padha utawa meh padha tegese nanging dianggo bebarengan supaya tembunge katon luwih bregas. (sumber: Bahan ajar basa jawa kelas VII)
tuladha: asih tresna, tangga teparo, sayuk rukun, solah bawa

Tembung entar
pepindhan utawa kiasan kang kadhapuk saka rong tembung. Sawenehe pratikel, tembung entar kuwi diarani kata bermakna konotasi (kiasan). (Sumber: Bahan ajar basa jawa kelas VII)
tuladha: adus kringet duwe teges rekasa banget, lambe tipis duwe teges criwis utawa cerewet.
                

Teknik Menulis Dari Gambar

29/04/15

Teknik Menulis Dari Gambar

Teknik pembelajaran menulis dari gambar menika salah setunggal teknik ingkang saged dipunginakaken wonten ing pasinaon nyerat. Teknik menika dipun ajab supadoss para siswa saged nyerat kanthi rikat lan lancar adhedasar gambar ingkang dipunsamaptakaken dening guru. Wondene alat utawi pirantinipun ingggih menika ngagem gambar ingkang agengipun kirang langkung setanggalan (sekalender) utawi gambar dipunketok, lajeng kaparingaken para siswa setunggal baka setunggal. Kadosta guru maringi gambar simbah, lajeng ngutus para siswa supados nyerat babagan gambar ingkang dipunparingaken. Ingkang dipun angkah menika mboten namung gladhen nyerat, nanging ugi gladhen unggah-ungguh basa, amargi menawi nyerat babagan simbah kedah ngagem basa krama alus.
Wondene langkah-langkahipun inggih menika
1.      Guru mbikak sarta maringi pengantar utawa atur sapala.
2.      Guru nemplekake gambar wonten ing ngajeng kelas utawi bagekaken gambar.
3.      Siswa milahi njlentrehake gambar.
4.  Guru nyuwun pirsa kalayan para siswa menapa alasanipun nyerat kados seratanipun.
5.  Guru ngrefleksikaken pembelajaran menika. Refleksi menika saged kanthi evaluasi. Guru ngevaluasi seratanipun para siswa.



Awan Katresnan

16/04/15

Awan Katresnan

Esuke pancen isi mrepet
Nanging tekade wis ora bisa diempet
Ngrekeli watu gunung
Ngelapi dedalanan kang gawe bingung
Tekade pancen wis ora bisa diempet
Mikul dhuwur mendem jero
Memayu hayuning bawana
Kang tansah dadi sunaring pakuatane
Biyung, iki anakmu
Ngiringake iline watu
Iki anakmu yung,
bocah ngulit manggis pakulitane
nanging wengis karepe
iki anakmu yung,
lir kadya cebol kang agayuh gegayuhan lintang
ora kuwawa sepira mokale
nanging tekade tansaya kasumet
iki gegantilaning atimu yung
mlayu nututi ilining angin rina
kang nggawa lintang panjer rinane uga
kanthi palilahmu yung,
gegancaraning iline lakuku krasa tan saya ora krasa
mung awan katresnanmu yung aku bisa
aku bisa dadi apa apa

biyung,,,,,
Diberdayakan oleh Blogger.