MIJIL
Para
kadang pada nguri-uri
Kita kudu ngamong
Budayane kaya wayang golek
Wayang wong sartane wayang kulit
Barongan lan srimpi
Kudu dilestantun
SINOM
Mitra ayo golekana
Mligi utamane urip
Yaiku ngelmu lan manembah
Manembah mring gusti siji
Taberiya goleki
Sakabehing werna ngelmu
Bektiya marang bapa
Mring biyung tresna lan asih
Mangkana iku mligi urip utama
KINANTHI
Poma kaki aja tunu
Wanadri ing saben wukir
Becik wuwuhan wreksa
Tembe lestari ing wuri
Dadi panggonane satwa
Angrawat bumi pertiwi
DHANDHANGGULA
Poma kaki aja nganti lali
Mring wajibe ngamongi budaya
Lir brokohan lan sekaten
Lan samekta mituhu
Mring wajibe reboisasi
Among wreksa lan wana
Uga kudu patut
Konservasi
pawiyatan
Supayane dadi manungsa kang wasis
Lan migunani bangsa
ASMARADANA
Lir pitutur kang sayekti
Menawa ana sasmita
Sakeh sunare penggedhe
Sumurup tanpa miguna
Jalaran saka dremba
Lan luput mituhu
Mring ngarsa gusti kuwasa
GAMBUH
Aja lali mitraku
Piwelinge guru waskitamu
Kudu taberi ngabekti lan marsudi
Kabeh tinancep ing kalbu
Supayane dadi bejo
MASKUMAMBANG
Mumpung anom
elingana poma kaki
Pituduh kayata
Ana catur mungkur ugi
Jer basuki mawa beya
DURMA
Budi becik dadi lumantaring bejo
Dene dursila kuwi
Cikale cilaka
Mila sira dadyaa
Manungsa nduweni becik
Sarta susila
Kuwi wijine urip
PANGKUR
Bumi iki anduweni
Bandha lan raja brana kang linuwih
Sadumuk sarwa cinukup
Samapta mring manungsa
Sakeh migunani lan sarwa linangkung
Tumrap poma mawa beya
Lan saguh ngadhepi urip
MEGATRUH
Among lan nguri-uri budaya iku
Sawijining konservasi
Sekaten ing wulan mulud
Larungan lan dekah bumi
Dadi sawijining conto
POCUNG
Putra kuwi kudu bekti marang biyung
Naberi pitedah
Teteg ati ing marsudi
Luhung sipat tata budi kanthi sabar