crita anoman duta kanggo klas IX

30/11/14

Anoman Duta
Minangka judeging ati kang saya kedaya daya, Prabu Rama ngutus Anoman kanggo nggoleki Sinta ing Alengka kaya kabar kang misuwur sawetara kuwi. Lagi arep mangkat, dumadakan Anggada teka lan nyanggupi ngemban tugase Anoman. Prabu Rama dadi bingung, amarga  Anoman lan Anggada nduweni kekuwatan kang pada. Pungkasane, Anoman lan Anggada pada para padu nuduhake kekuwatane. Anggada kawon karo Anoman. Nanging, kerana menangi para padu kuwi, Anoman kudu mbuktekake dene Anoman bisa mungkasi titah pandhitane kuwi kanthi sedina muput.
Sedurunge tekan Alengka, Anoman mampir menyang kahyangan, kanggo nemoni batara Surya. Pangajabe batara Surya gelem njaga srengenge kareben ora ndlesep menyang kuloning bumi. Olehe tindakan menyang Alengka karo dibaturi punakawan papat kang aran Semar, Gareng, Petruk, Bagong lan Semar. Para punakawan mau dikandhut ana ing kancing gelunge. Nanging, melasi, durung nganti tekan Alengka, Anoman wis kelangan arah. Dheweke tiba ing laut, mlebu wetenge raseksa kang aran Wilkataksini. Anoman gronjaalan nyaduki wetenge raseksa mau, pungkasane, Anoman diwetokake. Anoman semaput, banjur digawa dening para punakawan ing goa panggonane dewi Sayempraba, kang biyene dadi bojone Dasamuka. Sawuse krasa sehat, Anoman banjur nerusake lelakune menyang Alengka.
Tumekeng Alengka, anoman banjur gumantung ing sawijining wit ing taman Ayodya. Kebeneran, Sinta lagi lelenggahan ing ngisore wit kuwi. Banjur Anomaan ngandakake apa kang dadi kekarepanee pandhitane kuwi yen Prabu Rama bakal mapag Sinta ing Alengka. Sinta uga nitipake jungkase kanggo Rama kang dadi pratandha yen Sinta wis ora ngrumati awake ing Alengka. Malang kang ora bisa kaendani. Anoman ketanggor dening Indrajit. Banjur anoman digawa menyang Rahwana lan ratu kuwi menehi ukuman obong kanggo Anoman.
Kaya critane jaman kenabian, Anoman ora bisa kobong, malah bisa miber karo nyipratake geni ing saindering kraton Alengka. Para Abdi, pandhita lan wong desa pada mlayu jrantal nggoleki pitulungan. Ing kana mung omahe abdi Togog kang ora kobong, amarga wis ana tetengere janur kunig kaya ucape Anoman kanggo Togog nalikaa Togog menehi kendi banyu ngombe marang Anoman sedurunge diobong.
Pungkasane, Anoman bisa bali menyang Pancawati bebarengan karo kumitiring srengenge mengulon. Banjur Anoman nyritakake pesen lan kedadeyan kang wis dialami ing Alengka. Ngerti criratne Anoman, Prabu Rama tan saya makantar kantar atine pengin ndang meres getihe  Rahwana lan mboyong Sinta menyang Pancawati.
Noor Roikhatun Ni'mah (Raikha binta Fauzan)



tradhisi sedhekah bumi

28/11/14

Manganan
dening: Noor Roikhatun N

Desa Karangmalang inggih menika salah setunggal desa wonten ing Kecamatan Gebog. Kecamatan Gebog menika salah setunggal kecamatan saking sanga kecamatan ingkang wonten ing Kabupaten Kudus. Dunungipun inggih menika wonten ing ngandhapipun redi muria. Pedamelanipun para warga desa Karangmalang inggih menika kathah ingkang tani, konveksi, lsp. Kadosta desa sanesipun, desa Karagmalang menika nggadhahi tradhisi ingkang tasih dipunlampahi ngantos samenika.
Kadosta setunggal tradhisi menika. Tradhisi ingkang tasih dipunugemi dening warga desa Karangmalang inggih menika tradhisi sedhekah bumi. Tradhisi sedhekah bumi asring dipunwastani manganan wonten ing desa Karangmalang. Tradhisi menika salah setunggal tradhisi taunan wonten ing desa Karangmalang. Rantaman adicara ingkang wonten ing tradhisi sedhekah bumi wonten ing desa Karangmalang Kecamatan Gebog kabupaten kudus menika dipunlampahi kanthi tatacara ingkang sederhana inggih menika:
·         Warga desa sami urunan tumbas raja kaya, kadosta kebo
·         Lajeng kebo dipunsembelih, sarta dipun masak.
·         Sasampunipun, sami dedonga sesarengan, lajeng kebo ingkang sampun dipun masak menika dipun kepung sesarengan dening warga desa wonten ing balai desa (padatan)

Ingkang dipun wastani manganan inggih menika tradhisi mangan kebo ingkang sampun dipunmasak sesarengan kala wau. Tradhisi menika ndadosaken raketing memitran antawis para warga.

tembang

27/11/14



ASMARADANA

Dening : NOOR ROIKHATUN NI’MAH


WARSITANE BAPA WIBI
WANODYA KUDU WIDAGDA
BEBUDI MRING SAKABEHE
MITUHU TUR WICAKSANA
LUHUNG TYAS KANTHI SABAR
MRIH DADYA PUSPA PANUNTUN
DADYA PEPADANGING MITRA




cerkak

26/11/14

Sing Nandur Bakal Ngundhuh

Esuk iki langite katon isih peteng, pedhute kandel banget, lan hawane uga adhem banget. Nanging, kuwi kabeh ora nyuda kekarepane Bu Umi kanggo dodol pohong menyang pasar. Sanadyan gaweyan iku abot, nanging Bu Umi ora tau nggresula. Bu Umi saiki mung urip karo putrane sing isih kelas I SMP. Bu Umi ditinggal bojone wis pitung taun suwene, amarga bojone Bu Umi duwe bojo liya. Kuwi uga dadi pawadan Ilham, putrane Bu Umi, luwih milih urip melu ibune.
Bu Umi biyasane menyang pasar jam setengah lima esuk. Ilham saben dina ngrewangi ibune nggawa dagangan menyang pasar, amarga pohung sing digawa kira-kira setengah kwintal. Sawise ngeterake dagangan, Ilham bali menyang ngomah kanggo siyap-siyap mangkat sekolah. Ilham kalebu bocah sing pinter lan sregep, saengga Ilham bisa sekolah ning SMP sing mutune paling apik lan dadi sekolah unggulan ing kabupaten.
Dina iki dagangan Bu Umi lagi sepi, amarga lagi mangsa rendheng saengga akeh pohung sing kebanjiran lan dadi ora enak dipangan. Wektu iki Ilham lagi butuh bayaran kanggo tuku buku lan seragam anyar. Bu Umi mung bisa sabar ngadhepi kuwi kabeh mau lan ngupayakake golek gaweyan liya sing bisa disambi dodol pohung. Bu Umi wis siyap-siyap ngukuti dagangane amarga wis jam sanga esuk. Nanging, Bu Umi mandheg sedhela amarga ana bocah cilik sing nangis neng ngarepe. Bu Umi banjur nyedhaki bocah kuwi mau.
“Hlo, ngapa nangis, Ndhuk?” pitakone Bu Umi marang bocah kuwi.
“Aku nggoleki ibuku,” semaure nganggo basa ngoko amarga durung ngerti basa krama.
“Hla Ibumu sapa? Kepriye bisa pisah karo ibumu?” Bu Umi takon meneh marang bocah kuwi karo ngajak lungguh menyang lincak sing dinggo dodol Bu Umi.
“Aku pengin tumbas permen, aku nggoleki sing dodol permen.” semaure bocah kuwi karo isih nangis.
“Hla wis sida tuku permen?” pitakone Bu Umi karo njupuk wedang kanggo bocah kuwi.
Bocah iku mung gedheg lan malah tambah banter nangise.
“Oo… ya wis kowe nunggu ning kene wae karo ngombe wedang iki dhisik, Ibu arep numbasake permen kanggo kowe lan nggoleki ibumu dhisik ya?” welinge Bu Umi menyang bocah kuwi.
Sawise bocah iku meneng nangise, Bu Umi banjur tuku permen. Sanadyan regane larang, Rp5.000, nanging Bu Umi tetep numbasake permen kanggo bocah kasebut. Bu Umi ora tega karo bocah sing lagi nangis kuwi. Ing tengah pasar Bu Umi ngerti ibu-ibu sing katon bingung. Bu Umi marani ibu-ibu mau.

“Nyuwun sewu, menapa panjenengan nembe madosi putranipun?” pitakone Bu Umi marang ibu-ibu kuwi.
“Inggih leres, Bu. Menapa panjenengan mangertos anak kula?” ibu-ibu mau noleh menyang Bu Umi sing nakoni saka mburine.
“Menika wonten bocah putri ugi madosi ibunipun. Menapa leres putranipun panjenengan?” pitakone Bu Umi kanthi ngeterake menyang papan sing dinggo dodol Bu Umi.
“Ya ampun, Ndhuk. Kowe ning ngendi wae? Ibu sing nggoleki nganti bingung banget.” Bu Nurul, ngono asmane ibu-ibu kuwi, langsung nggendhong anake kuwi mau sing wis ora nangis.
Bu Umi njlentrehake kadadean mau marang Bu Nurul.
“Matur nuwun sanget nggih, Bu. Amargi sampun njagi anak kula,” Bu Nurul nyalami tangane Bu Umi kanthi mesem, bungah.
“Inggih Bu, sami-sami,” wangsulane Bu Umi kanthi menehake permen marang bocah kuwi mau.
Sawise Bu Nurul lan anake pamitan arep bali, Bu Umi nerusake nata dagangane sing arep digawa bali. Nalika tata-tata, Ilham nyusul menyang pasar amarga kepengin mbyantu ibune nggawa dagangan sing isih akeh. Dina iki lagi ana rapat kanggo guru ing sekolahe Ilham, saengga kabeh muride bali luwih cepet.
Saka njero mobil, Bu Nurul isih nggatekake Bu Umi karo Ilham sing lagi nglebokake pohung ning bagor. Ing batine, Bu Nurul gumun karo Bu Umi sing gelem tetulung marang wong sing durung tau ketemu.
Esuk-esuk Ilham arep mangkat sekolah, nanging atine tansah susah amarga durung bisa mbayar buku lan seragam. Bu Umi ngerti apa kang lagi dirasakake putrane.
“Le, Ibu ngerti kowe lagi susah amarga bayaranmu kuwi. Nanging, Ibu saiki durung duwe dhuwit sing ganep kanggo mbayar. Ibu rencanane mengko arep nyilih dhuwit menyang budhemu dhisik. Dadi yen dina iki Ibu entuk silihan dhuwit, sesuk kowe bisa mbayar buku lan seragam,” ngendikane Bu Umi marang Ilham.
Diberdayakan oleh Blogger.