cerkak

12/01/15

Waton Katon Kuning

Dening: Noor Roikhatun Ni’mah

Pasar kliwon nalika ngadepi wayah pasa pancen jejel riyel. Ndadak ramene ora jamak, beda banget karo dina-dina padatane. Atusan wong, kalebu aku pating sliwer nggawa blanjan karo nyudingi klambi sing pada kumlawe ing pinggir dalan. Dina iki pancen niyatku arep golek sandhangan kanggo riyaya sing werna putih. Wis sejam muteri pasar kliwon sing misuwur gedhe lan wiyare babagan klambi iki, nanging durung ana siji-sijia klambi sing ndadekake atiku sumedot nggondheli. Kabeh klambi daksawang kaya dadi kucem lan robah wernane, ora kaya sing dakkarepake. Siji baka siji toko dakleboni, dak takoni klambi werna putih sing kaya dakpengeni. Nanging kasile tetep nol. Durung kecantol babar pisan. Mbakyuku, Asih sing ngeterake aku wis wiwit ngoceh.
“Dhik. Mbokya ndang ditetepake pilihane. Aja mubeng wae. Mengko ndang bali.”, kandhane mbak Asih rada ngamuk.
“Inggih mbak, nanging dereng wonten ingkang sae miturut kula”, sanggahku semu aleman.
“Sing mbok goleki ki sing priye ta, dhik? Sing kerutan gegere ya ora kanggo, sing lengene mripit apa maneh. Golekanmu apa sing singlet kui ta?”, kandhane karo nyudingi klambi sing gumantung ing dhuwurku. Kandhane mbak Asih malah nyuntak pangeling-elingku marang klambine Saras, kanca SMAku biyen.
“Nggih mboten ta mbak.”, wangsulanku semu mesem.

crita

11/01/15


AMARGA ANGKARA


Minangka judeging ati lan rasa cuwa kang sangsaya kedaya daya amarga ramane ora nuruti apa kang dadi kekareping atine para Duryudana lan para Kurawa yaiku supaya rama Drestarestra nglungguhake para kurawa kang dadi pewarise negara Astina lan ora lila menawa para pandhawa merkolih apa kang dadi hake yaiku negara Astina, mangka Duryudana lan rayi rayine gawe rekadaya patine para Pandhawa. Rekadaya kang dumadi iki bola bali minangka usule uwane para Kurawa yaiku patih Sengkuni. Para kurawa gawe omah pesareyan kang aran bale sigalagala kanggo para pandhawa lan ibu Kunti. Omah kuwi sakane dumadi saka gala utawa ubarampe kang gampang mbledos menawa kena geni.
Kanti ulat manis lan wicara kang edi, Duryudana ngacarani menawa para Pandhawa kudu manggon ing bale sigalagala  sawetara wektu supaya bisa mangerteni kepriye watak wantune para kawula cilik ing saindering negara Astina. Para Pandhawa ora nduweni rasa cubriya marang para Kurawa, mula kanti ati kang sumeleh lan resiking pikir, Yudhistira mboyong rayi rayine lan biyunge masanggrah ana ing bale sigala gala, nglakoni apa kang dadi pamikire Duryudana. Kanggo bantu para Pandhawa, Duryudana ngetutake abdine kang aran Puracarana kanggo ngladeni sekabehing kebutuhane para Pandhawa.

sinopsis novel

10/01/15

 NGULANDARA

Ing setunggaling dinten, oto ingkang dipun tunggangi dening den bei sisten wedana kalayan keluwarganipun mogok wonten bulak ing sangandapipun desa kledhung, setunggaling jurangipun redi sumbing lan redi sindara, wonten ing antawisipun parakan (temanggung) lan kreteg (wanasaba). De bei lan asisitenipun ingkang asma kasna sampun judeg, bingung pripun anggenipun ngewahi oto supados saget mlampah malih. Dumadakan wonten setunggaling oto ingkang mandheg wonten ingkingipun oto. Sopiripun mandhap lan nyamektakaken badhe ndandosi oto ingkang mogok. Sak sampunipun oto mlampah malih, den bei badhe maringaken tandha matursuwun kagem tiyang ingkang sampun nulungi kala wau, nanging dereng kasil.
Den bei kalayan kaluwarginipun tasih nggadahi niyat kangge maringi tandha matur suwun, ananging, otonipun tiyang ingkang nulungi kala wau lajeng mlampah terus ngantos arah Magelang. Pungkasanipun den bei mboten kasil anggenipun maringi tiyang nulungi kala wau, nanging sampun kasil nyatet merk lan plat oto kala wau.

paribasan, bebasan lan saloka

09/01/15



Paribasan, Bebasan, Lan Saloka
Paribasan
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone ngemu teges entar, ora ngemu surasa pepindhan.

Ana catur mungkur
Tegese: ora gelem ngrungokake rerasaning liyan sing ora becik
Keplok ora tombok
Tegese: meleu senenge nanging ora gelem cucul wragad

Bebasan
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang. Wonge uga katut ing sajroning pepindhan, nanging kang luwih ditengenake tindak tanduke utawa kaanane.
Tuladha:
Ngubak-ubak banyu bening
Tegese: gawe kerusuhan ing panggonan papan kang tentrem.
Sedhakep ngawe-awe
Tegese: wis mareni tumindak ala nanging ing bathin isih kepengin nindakake maneh.

Saloka
Yaiku: unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Sing dipindhakake kewan.
Tuladha:
Gajah ngidak rapah
Tegese: wong kang nglanggar wewalere dhewe.

tradhisi serbitan

08/01/15



Serbitan
Dening: Noor Roikhatun N
Serbitan menika mirip upacara brokohan. Inggih menika upacara nalika bayi nembe lair. Menawi upacara brokohan wonten ing desa Karangmalang kecamatan Gebog Kabupateen Kudus menika dipunwastani upacara serbitan. Nalika bayi lair ingkang sepisan tiyang sepuh utawi bapak ngadzani sata ngomati wonten ing kuping bayi. Lajeng mendem ari-ari utawi sedulur tua sasampunipun mendem ari-ari lajeng serbitan utawi brokohan.

ANALISIS TOKOH NOVEL ANTEPING TEKAD

07/01/15

ANALISIS TOKOH  NOVEL ANTEPING TEKAD

OLEH             : NOOR ROIKHATUN NI’MAH



NAMA TOKOH
PERWATAKAN
CONTOH DALAM TEKS
Indiah
sregep
Isih ajeg bae, esuk jam lima tangi, terus numpangake ceret, adus, nyapu, umbah umbah, masak, mangan, nyetlika, lan sapanunggalane.

wangkod
“aku duwe watak ala, yaiku wangkod, nanging cupet ing pikir.”

Antep tekade
Saiki kowe duwe gegayuhan kepengin nglumpukake dhuwit , kang perlu kanggo nggayuh idam-idamanmu.

ambisius
Ah, apa satemene bae sing dadi idam-idamanku? Apa aku kepengin arep dadi pramugari, dadi sekretaris kedutaan, dadi wartawan ....ah mula aku duwe watak ambisius!

gemi
Dadi mbokmanawa tumrap sandhangan, aku wis ora perlu mikir. Sabanjure aku mung kudu ngati-ati nyekel dhuwit.
“ paringipun arta mila tansah dalem celengi”

legawa
“aku sanggup ngurbanake apa bae kagem panjenengan lan gra panjenengan....bakal garwamu, mas sundoro, keparenga wiwit saiki dak anggep sadulurku tuwa kang pantes dak tresnani lan dak ajeni.....”

Gampang nangis
Samono uga bareng weruh dhuwit  mau, pikiranku terus ketuwuhan gagasan, mbokmanawa mas sundoro arep nyoba kajujuranku. Atiku ngarasa ketaton banget. Embuh kepriye ora ngerti, tangisku wis ora bisa dak penggak maneh. Suwe suwe nganti nggugug

urak wedalan

06/01/15

Urak Wedalan

Urak wedalan-sak eklase kui tradhisi sing kaleksanakake nalika wulan pasa ana ing kabupaten Kudus. Tradhisi kui biyene nganggo piranti kayu, nanging saiki sarehne jaman wis maju, banjur nganggo pirantti surat undangan. Banjur apa ta urak wedalan kui?
Urak wedalan kui tradhisi aweh panganan ana ing musola utawa mejid nalika wulan pasa, panganan kui diwetokake nalika rammpung salat trawih. Sing menehi jamenan utawa panganan kui genti-genten warga. Nalika jaman biyen, tandha kanggo aweh panganan nganggo kayu, omah sing enthuk kayu kui sing enthuk jatah nggawa panganan menyang musolla utawa mejid, nanging, njaman saiki, omah sing enthuk surat saka panitia kui sing enthuk tugas nggawa panganan menyang musola utawa mejid. Ancase tradhisi iki kanggo ngengetake urip sesarwungan ana ing masyarakat. Dadine ana rasa lung tinulung lan aweh sing bisa dadi dalan kanggo sodakoh ing wulan pasa

secang

05/01/15

Secang


Secang. Nama salah sawijining taneman sing wus kawentar akeh pigunane tumrape kuwarasaning menungsa. Secang uga gampang uripe nalika mbudidaya. Ora angel nemokake secang ana ing sakubenge panguripe manungsa. Padatan, secang digawe pager ana ing padesan. Secang kuwi arupa taneman sing saemperan karo petet lamtoro. Nanging nalika wit secang digodhog, banyu tilas godhogane bia rubah wujude dadi abang.
Secang mono akeh migunane tumrap kesehatan. Kaya dene sing kapacak ing ngisor iki:
·         Kanggo ngresiki getih reged.  Kerokan kayu secang sacukupe, ketumbar, godhong trawas, digodhog karo banyu, yen wis adhem disaring diombe. Saben dina ngombe kaping pindho esuk lan sore.
·         Kanggo diare, mencret. Kayu secang 5 gram dikethok-kethok banjur digodhog karo banyu 2 gelas suwene 15 menit. Sawise adhem disaring, dibage loro diombe esuk lan sore.
·         Kanggo watuk getih, TBC.  Kayu secang 11/2 driji dikumbah sing resik diiris-iris cilik. Digodhog karo banyu 4 gelas nganti kari separone. Yen wis adhem disaring, diombe kaping telu saben ngombe 3/4 gelas.
·         Kanggo bebuwang getih (berak darah). Kayu secang sadriji diumbah diiris-iris banjur digodhog karo banyu 3 gelas nganti kari separone. Yen wis adhem disaring, ditambah madu diombe. Sedina ngombe kaping pindho esuk lan sore, saben ngombe 3/4 gelas.
·         Kaanggo radang selaput lendir mata. Kayu secang 2 driji dikumbah banjur diiris cilik-cilik, digodhog karo banyu 3 gelas nganti kari separone. Yen wis adhem disaring, banyune kanggo ngrambang mripat sing lara.


carane gawe tempe

04/01/15



Carane Gawe Tempe
Dening: Noor Roikhatun N


Tempe kui panganan murah nanging akih ngandhut protein, yaiku protein nabati. Bahan pokok kanggo gawe tempe yaiku kedhele.  
Carane gawe tempe kui gampang, yaiku:
1.      Kedhele diresiki (dibuwangi krikil/watu lan regedan liyane)
2.      Kedhele dipesusi utawa dikumbah.
3.      Banjur dikum, ngekume bisa ngenthi sewengi. Nanging aja kesuwen, yen kesuwen kedhele bisa bosok utawa dadi thokolan. Tujuane dikum supaya kedhele bisa mekar lan empuk. Kanthi dikum, anggone nggodhog ora suwe, gampang anggone mlocoti kulite lan asile dadi saya akeh. Yen suwe nggodhoge, banjur ngentekake lenga.
4.      Sawise dikum, banjur dipesusi maneh kareben luwih resik.
5.      Sabubare kui, kedhele sing wis dikum banjur digodhog nganti mateng.
6.      Sawise digodhog nganti mateng, banjur dipesusi maneh, kerepe dibuwang kulite. Anggone mesusi kui padatan karo diidak-idak utawa diusek-usek nganggo sikil supaya kulite kedhele bisa ucul. Ana saperangan sing ngonceki kedhele sing wis mateng kanthi digiling.
7.      Sawise diilangi kulite banjur dibuwangi kulite kanthi dirimbang nganggo banyu mili.
8.      Sawise resik saka kulite, kedhele banjur ditus lan diadhemake.
9.      Sawise adhem banjur diwenehi ragi utawa laru.
10.  Sawise diwenehi ragi utawa laru banjur dicitak.
Sumber: Wani Basa Pasinaon Basa Jawa Kanggo SMP/MTs Kelas VII

cerkak

03/01/15

KEMBANG MANGGAR
Sepira playune angin mesthi wae ana lerene, semana uga urip, apa maneh ketresnan, mesthi wae ana pepalang supaya bisa nggayuh apa kang dadi pucuking lelakon. Kui mono wis dadi sangganing wong ngaurip, nalika katresnan mung dadi kembang lambene wong sesrawungan. Apa maneh kang bakal dilakoni? Ya mung pasrah, satuhu ngabekti marang wong tuwa. Mung bisa nata ati maneh kanggo tresna anyar kang bakal teka.

Kendal, 2013
Endah kang nduweni jeneng sri endah nawangsih, bola bali ngekep kembang manggar kang ana ing tangane. Kembang kui dikekep raket karo tangan kiwa lan tengene. Di arasi kanthi krasa yen wis ora ana maneh kembange. Padahal ya wis ngerti yen kembang manggar kui ora ana ambune, seje karo kembang mawar kang nggandha arum rina wengi.
Ing ngisor wit krambil kuning kang ana ing ngarep omahe Endah iki, biyene dadi seksi crita lawase Endah kang mawarni warni. Jaman lagi kenal virus kembang mawar anom kang aran tresna kethek. Janji lan impen impen jaman cilik kuwi sangsaya cetha wela wela katon nyumunari atine kang saiki lagi resah, bingung lan susah. Crita lawase jaman isih ana jaman jejodhoan nganti jaman gedhene iki kang ora kenal marang wong ing padesan.
“En, kembang manggar iki pancene mung kembang manggar kang ora bisa nggandha arum kayata mlathi lan mawar kae kang nggandha rina wengi. Kembang mawar iki uga ora aji apa apa, mung ibrate aji godhong garing. Nanging saiki kembang manggar iki lan wit klapa iki bakal dadi seksi yen tresnaku marang sliramu ora bisa luntur kaya rontoke kembang iki. Besuk yen wis diwasa, bakal tak ganti kembang manggar iki karo ali ali kang aji. Bakal dakboyong awakmu ing panggonan mobyor mobyor dadi ratuning pandhita aran Jaka Susilo. Titenana ya En, entenana aku.”
“Iya mas Jo, pancene ora sepiraa ajine kembang manggar iki, nanging kanthi tekadmu kui, aku saguh ngenteni tekamu saka prantoan. Nanging, uga lilakna aku nggoleki kepinteran kanggo mulang anak anakku besuk ing omah magrong magrong kui”
“Iya En, elingana, 20 taun meneh, dakenteni sliramu ing ngisore wit krambil iki.”
“Iya mas Jo, aku bakal mara.”
Jalaran asih kang makantar kantar nalika isih kemuning bocah umur 5 taun kui, dina iki, Endah netepi janji katresnan karo Joko Susilo jaman biyene. Nanging, nganti sumuruping srengenge lan ilanging kembang manggar kang ana ing tangane kui, Joko Susilo ora teka kaya kang dikandhakake. Kembang manggar kang ana ing tangane Endah ora sepisan pisan icul saka tangane. Sanajan iki dudu kembang manggar sepisanan kang diwenehake Joko jaman kae, nanging, kembang manggar iki uga uwuhan saka wit krambil kang dadi seksi janjine jaman biyen.
“Ndah!” ana sawijining tangan kang njawil pundhake.
Sri Endah Nawangsih mlengo ngematake sapa priyayi kang njawil mou.
“Mas Kirno!” jawabe Endah kaget “Ana pa sliramu mrene Mas?” pitakone Endah marang priyayi kang njawil pundake.
“Ndah, aku ngerti kabeh critamu marang Joko Susilo. Aku ngerti kepriye tekade kowe lan Joko nganti seprene iki. Nanging, aja dadi gelaning atimu yen nganti saiki Joko ora teka mungkasi janji katresnane marang sliramu. Aja dadi lara atimu. Ora yen Joko niat mblenjani iki. Nanging iki wis titahe gusti.”
Mripati Endah kang ndamar kanginan saya abang sawangane. Banyu luh kang sakawit crita iki diwiwiti ora bisa dilereni tumetese saiki banjur wis ora kuwawa kepiye bakale ilange banyu luh kuwi. Atine trataban ora bisa oncat saka akehing pitakonan kang kudu di jawab nanging sing jawab kudu Joko dhewe, kudu slirane dhewe kang bisa gawe trenteming atine Endah kang ora bisa logro.
“Nanging kenapa Mas Joko bisa mblenjani mas? Apa ana wadon liya kang gawe Mas Joko lunga lan luput saka janjine?”
“Ora Ndah, sejatine dheweke ora lali, tur ora bisa nglalekake awakmu saka pamikire. Nanging priye maneh, kabeh iki wis tinulis dadi tekdir jawaban janjine Joko lan janjimu biyen.”
“Nanging apa sebabe mas? Apa Mas Joko ora saguh maringi ngertos karo awakku?’
“Ora Ndah! Ora! Joko wis ngenteni wektu iki 20 taun lawase. Ngenteni sliramu nganti bisa dadi guru lan nemoni cita citamu kaya saiki. Nanging kepriye maneh, ndilalah wae,,,,”
“Ndilalah apa mas?” pitakone endah sangsaya banter.

ngilangake kembung

02/01/15

Lara Kembung? No Why

Dening: Noor Roikhatun N

Sapa sing ora ngerti lara kembung?. Lara kebung asring diarani lara amarga kakehan anging ana ing lambung, usus besar lan usus kecil. Nanging sejatine lambbung kui disebabake amaraga anane gangguan ing limpa utawa lambung manungsa, embuh karana penyakit luar utawa penyakit dalam. Padatane kanggo ngilangake lara kembung, wong sing ketampan lara mau bakal ngetut utawa sarip lan glegeken utawa sendawa. Nanging, prayogane lara kebung kui kudu dirumaati kareben cepet ilang gas e, carane ngilangake yaiku:
1.      Ngombe wedhang jahe. Carane, jahe watara 3 iji dikumba nganti resik, banjur dikeprek lan di cemplungake ana ing wadhah kang wus diisi kanthi banyu anget, banjur diwenehi gula.
2.      Nganggo  jeruk nipis. Carane jeruk nipis diperes, banjur dijupuk banyune, banyu mau dicampur karo minyak kayu putih utawa minyak telon. Banur diusapke ing weteng sing kembbung.
3.      Bobok bawang abang. Carane: bawang abang diparut, banjur dicampur minyak telon utawa minyak kayu putih. Sawuse kui dibobokake utawa ditemplekake ana ing wudel.

Mangkono saperangan cara kanggo ngilangake lara kembung. Muga muga migunani.

geguritan

01/01/15



Gurit Bocah Pinggir Kali
Dening Turiyo Ragilputra

Wis kokcipta kraton emas nganggo pang-pang garing
Perangan mbaka perangan sinusun banget antik
Coba delengen, endi sing kurang sampurna

Kandhamu marang angin,
Kori modhel plengkung mesjid demak
Cakrik sinuwun kraton pajang dhuwure
O, dhuwure samencrit menara Kudus
Banjur kowe ngentha pepajangan mawi reroncen kembang
Kandhamu kanggo mahargya praptane putri ayu
Sapa ngerti kober ninggali salembar esem kenangan
Kanggo pawitan ndhedher winih
Saplinthi rasa arisane jaka tarub
Diberdayakan oleh Blogger.