Apa bedane cangkriman lan wangsalan?
Wangsalan
Cangkriman
Unen-unen kang kudu dibatang maksude. Cangkriman kuwi kudu digoleki maksude, nanging yen wangsalan kuwi wangsulan utawa maksude wis cumawis nanging, disampirke. Cangkriman kuwi kaperang dadi papat, yaiku:
1. cangkriman wancahan
wancahan saka tembung wancah kang ateges cekak. Dadi wancahan kuwi cekakan.
tuladha : kabaketan kuwi cekakan saka nangka tiba ing suketan. Tembung sing daktulis kandel kuwi yen digabung bisa dadi kabaketan.
2. cangkriman irib-iribing barang utawa pepindhan. cangkriman kuwi ana barang sing dimemperke utawa dimiripake karo barang sing nyata.
tuladha : sega sekepel dirubung tinggi dimemperake salak
3. cangkriman blenderan
cangkriman iki ana tembung sing nyata nanging digawe bingung.
tuladha: wong wudunen sugih pari. Tembung pari ing kene sing dimaksud yaiku paringisan utawa mringas-mringis.
4. cangkriman sinawung tembang
ing kene ana tembang sing isine bedhekan.
tuladha: bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, dawa kaya ula, penclokanmu wesi miring, sing disaba, si pucung mung turut kutha. (wangsulane : sepur)
Wangsalan
(sumber : bahan ajar basa jawa kelas VII lan IX)