carane gawe gantungan kunci

31/12/14



Gawe Gantungan Kunci

Dening: Noor Roikhatun N

Gantungan kunci iku salah sawijining pianti sing akeh model lan bentuke. Carane gawe werna-werna. Kayata sing bakal kababar ing ngisor iki. Bahan-bahan sing kudu dicepakake yaiku: bal bekel, benang wol, karton kandel, mata boneka, kancing klambi (benik), lan gantungan. Alat kanggo gawe yaiku: gunting, lem, lan garisan.
Tata carane gawe yaiku:
1.      Benang wol dililitake ing kertas karton sing ukurane 15cmX5cm cacahe lilitane 50 ngani 75 lilitan.
2.      Lilitan benang wol ing kertas karton dicopot banjur ditaleni pucuk dhuwur lan digunting dadi kucir. Pucuk bagian ngisor uga digunting.
3.      Bal bekel dilebokake ing sajerone benang wol lan sangisore kucir. Ditata dadi sirah lan ditaleni watese pas bal bekel.
4.      Gantungan kunci dilebokake ing kucir boneka banjur dilem.
5.      Mata boneka ditemplekake lan uga benik kanggo irung utawa lambene.
*sumber: buku Wani Basa pasinaon basa jawa kanggo SMP?MTs kelas VIII

kabudayan

30/12/14



Kebudayaan

1.      Wujud Kebudayaan
Miturut J.J. Hoenigman, wujud saking kebudayaan menika wonten tiga, inggih menika: gagasan, akivitas, sarta artefak.
a.       Gagasan
Wujud kebudayaan menika wonten ing pamikiran warga masyarakat.
b.      Aktivitas (tindakan)
Aktivitas inggih menika wujud kebudayaan ingkang awujud tindakan ingkang nggadahi pola saking manungsa wonten ing masyarakat. Wujud menika asring dipunsebat sistem sosial.
c.       Artefak (karya)
Artefak inggih menika wujud kebudayaan fisik ingkang arupi kasil saking aktivitas, perbuatan, sarta karya manungsa wonten ing masyarakat ingkang arupi benda-benda, utawi prekawis ingkang saged dipuncepengi, dipunpirsani, utawi dipundokumentasikaken.
Tuladha:
Kursi. Kursi menika awujud artefak utawi karya ingkang lai saking ide utawi gagasan. Gagasanipun inggih menika bentuk awak utawi badan manungsa. Menawi aktivitas utawi tindakanipun inggih menika tindakan nalika manungsa nembe lenggahan ingkang nuwuhaken nilai-nilai kesopanan nalika lenggahan.
2.      Komponen
Miturut wujudipun,kebudayaan saged dipunbagi dados kalih, inggih menika:
·         Kebudayaan material
Kebudayaan material inggih menika sedaya kasil ciptanipun menungsa ingkang nyata. Kadosta mangkung saking lempung, TV, lsp.
·         Kebudayaan nonmaterial
Kebudayaan nonmaterial inggih menika kebudayaan ingkang mboten nyata ketingal ingkang dipunwarisaken dening para sesepuh. Kadosta: dongeng, crios, lagu, beksan tradisional, lsp.
3.      Unsur-unsur Kebudayaan
Unsur-unsur kebudayaan menika wonten pitu, inggih menika:
Ø  Sistem religi lan upacara keagamaan
Ø  Sistem organisasi kemasyarakatan
Ø  Sistem pengetahuan
Ø  Bahasa
Ø  Kesenian
Ø  Sistem mata pencaharian
Ø  Sistem teknologi lan peralatan

pengertian bahasa

29/12/14



Pengertian Bahasa

Kata bahasa dalam bahasa Indonesia memiliki lebih dari satu makna atau pengertian, sehingga seringkali membingungkan. Untuk lebih jelasnya, coba perhatikan pemakaian kata bahasa dalam kalimat-kalimat berikut!
1.      Dika belajar bahasa Inggris, Nita bahasa Jepang
2.      Manusia mempunyai bahasa, sedangkan binatang tidak.
3.      Hati-hati bergaul dengan anak yang tidak tahu bahasa itu.
4.      Dalam kasus itu ternyata lurah dan camat idak mempunyai bahasa yang sama.
5.      Katakanlah dengan bahasa bunga!
6.      Pertikaian itu tidak bisa diselesaikan dengan bahasa militer.
7.      Kalau dia memberi kuliah bahasanya penuh dengan kata daripada dan akhiran ken.
8.      Kabarnya, Nabi Sulaiman mengerti bahasa semut.

sipat sipating tembang

28/12/14



Sipat-sipating tembang macapat

1.      Maskumambang
Maskumambang kui  nggambarake jabang bayi sing isih ana ing kandhutane ibune, sing durung weruh lanang utawa wadon jinise. Mas nduweni teges durung kawruhan lanang utawa wadon. Kumambang nduweni teges uripe ngambang ing kandhutane ibune.
2.      Mijil
Mijil kui tegese bayi sing ana ing kandhutane ibune wis lair lan wis jelas jinise, lanang utawa wadon.
3.      Kinanthi
Kinanthi kui asale saka tembung kanthi kang oleh seselan in. Tembung kanthi utawa tuntun. Tegese dituntun supaya bisa mlaku ngambah penguripan ing alam donya.
4.      Sinom
Sinom kui nduweni teges kanoman. Kanoman kui mangsa kalodhangan kanggone manungsa kanggo ngangsu kawruh sakakeh-akehe.
5.      Asmaradana
Asmara tegese rasa tresna marang sapada, yaiku tresna antarane priya lan wanita sing wis dadi kodrate manungsa.
6.      Gambuh
Asale saka tembung jumbuh utawa sarujuk. Tegese yen wis pada sarujuk ing antarane priya lan wanita mau, njur digathukake ing siji ietan yaiku garwa lan bisa bebarengan ing urip bebrayan.
7.      Dhandhanggula
Dhandhanggula kui nggambarake uripe wong sing lagi seneng-senenge, apa kang dadi gegayuhane bisa kagayuh. Bisa klakon nduweni sisihan, duwe anak, lan urip kecukupan. Pramila wong kang lagi urip bungah bisa diarani kaya dene tembang dhandhanggula.
8.      Durma
Durma kadaden saka tembung darma/weweh. Yaiku nalika uripe manungsa wis kevukupan banur tuwuh rasa welas asih marang sapada. Rasa welas asih kui klakon kanthi darma utawa weweh marang sapada.
9.      Pangkur
Pangkur kui asale saka tembung mangkur sing nduweni teges nyingkiri. Yaiku nyingkiri nepsu lan angkara murka, sing dipikir mung weweh marang sapada.
10.  Megatruh
Yaiku kedaden saka tembung megat/pegat ruh, tegese mati utawa seda. Yaiku titiwanci kanggo sowan lan netepi undangane gusti kang maha kuwasa.
11.  Pocung utawa pucung
Yaiku kedadeane manungsa nalika wis dadi layon banjur dipocongi utawa dibungkus karo kain mori sedurunge dipendhem.

tradhisi rebo wekasan

27/12/14



Tradhisi rebo wekasan

Dening: Noor Roikhatun N

Rebo wekasan menika setunggal tradhisi keagamaan ingkang tasih dipunlampahi dening warga desa Karangmalang ngantos samenika. Rebo wekasan menika kedadosan saking kalih tembung, inggih menika tembung rebo ingkang tegesipun dinten rebo kalayan wekasan ingkang tegesipun pungkasan. Pramila tegesipun rebo wekasan inggih menika, tradhisi ingkang dipunlampahi nalika dinten rebo terakhir saking wulan sapar. Ancasipun tradhisi menika kagem ngemutaken para warga supados sami dedonga sesarengan amargi wonten ing dinten rebo wekasan menika Allah nurunake balak kathahipun 320.000 wonten ing donya. Pramila wonten ing selasa malem rabo, para warga sami kempal wonten ing mesjid kagem dedonga sesarengan.
Tradhisi rebo wekasan dipunwiwiti nalika bibar salat isya wonten ing mesjid desa. Wonten ing mrika, para warga sami maos surat yasin 3x, nalika ayat salamunqoulanminrobbirrohim dipun waos 33x. Salajengipun  para remaja mesjid nyepakaken baskom kalayan toya ingkang sampun dipunlebeti dluwang ingkang sampun dipun tulisi ayat salamunqoulanminrobbirrahim. Sasampunipun cepak, toya menika dipunbandumaken dhateng para warga ingkang sami rawuh wonten ing mesjid. Ingkang unik saking tradhisi menika nalika rebo wekasan, sedaya bak wudlu wonten ing mesjid sami dipunlebeti utawi sami dipuncemplungi dluwang ingakng sampun ditulisi ayat salamunqoulanminrobbirrahim kados toya ingkang wonten baskom. Sasampunipun dipunbandumaken, lajeng padatanipun wonten pengaosan.
Diberdayakan oleh Blogger.