Manganan
dening: Noor Roikhatun N
Desa Karangmalang inggih menika salah setunggal desa wonten ing
Kecamatan Gebog. Kecamatan Gebog menika salah setunggal kecamatan saking sanga
kecamatan ingkang wonten ing Kabupaten Kudus. Dunungipun inggih menika wonten
ing ngandhapipun redi muria. Pedamelanipun para warga desa Karangmalang inggih
menika kathah ingkang tani, konveksi, lsp. Kadosta desa sanesipun, desa
Karagmalang menika nggadhahi tradhisi ingkang tasih dipunlampahi ngantos
samenika.
Kadosta setunggal tradhisi menika. Tradhisi ingkang tasih
dipunugemi dening warga desa Karangmalang inggih menika tradhisi sedhekah bumi.
Tradhisi sedhekah bumi asring dipunwastani manganan wonten ing desa
Karangmalang. Tradhisi menika salah setunggal tradhisi taunan wonten ing desa
Karangmalang. Rantaman adicara ingkang wonten ing tradhisi sedhekah bumi wonten
ing desa Karangmalang Kecamatan Gebog kabupaten kudus menika dipunlampahi kanthi
tatacara ingkang sederhana inggih menika:
·
Warga desa sami
urunan tumbas raja kaya, kadosta kebo
·
Lajeng kebo dipunsembelih,
sarta dipun masak.
·
Sasampunipun,
sami dedonga sesarengan, lajeng kebo ingkang sampun dipun masak menika dipun
kepung sesarengan dening warga desa wonten ing balai desa (padatan)
Ingkang dipun wastani manganan inggih menika tradhisi mangan kebo ingkang
sampun dipunmasak sesarengan kala wau. Tradhisi menika ndadosaken raketing
memitran antawis para warga.
0 komentar:
Posting Komentar