Sing Nandur Bakal Ngundhuh
Esuk iki langite katon isih peteng, pedhute kandel banget, lan
hawane uga adhem banget. Nanging, kuwi kabeh ora nyuda kekarepane Bu Umi kanggo
dodol pohong menyang pasar. Sanadyan gaweyan iku abot, nanging Bu Umi ora tau
nggresula. Bu Umi saiki mung urip karo putrane sing isih kelas I SMP. Bu Umi
ditinggal bojone wis pitung taun suwene, amarga bojone Bu Umi duwe bojo liya.
Kuwi uga dadi pawadan Ilham, putrane Bu Umi, luwih milih urip melu ibune.
Bu Umi biyasane menyang pasar jam setengah lima esuk. Ilham saben
dina ngrewangi ibune nggawa dagangan menyang pasar, amarga pohung sing digawa
kira-kira setengah kwintal. Sawise ngeterake dagangan, Ilham bali menyang
ngomah kanggo siyap-siyap mangkat sekolah. Ilham kalebu bocah sing pinter lan
sregep, saengga Ilham bisa sekolah ning SMP sing mutune paling apik lan dadi
sekolah unggulan ing kabupaten.
Dina iki dagangan Bu Umi lagi sepi, amarga lagi mangsa rendheng
saengga akeh pohung sing kebanjiran lan dadi ora enak dipangan. Wektu iki Ilham
lagi butuh bayaran kanggo tuku buku lan seragam anyar. Bu Umi mung bisa sabar
ngadhepi kuwi kabeh mau lan ngupayakake golek gaweyan liya sing bisa disambi
dodol pohung. Bu Umi wis siyap-siyap ngukuti dagangane amarga wis jam sanga
esuk. Nanging, Bu Umi mandheg sedhela amarga ana bocah cilik sing nangis neng
ngarepe. Bu Umi banjur nyedhaki bocah kuwi mau.
“Hlo, ngapa nangis, Ndhuk?” pitakone Bu Umi marang bocah kuwi.
“Aku nggoleki ibuku,” semaure nganggo basa ngoko amarga durung
ngerti basa krama.
“Hla Ibumu sapa? Kepriye bisa pisah karo ibumu?” Bu Umi takon meneh
marang bocah kuwi karo ngajak lungguh menyang lincak sing dinggo dodol Bu Umi.
“Aku pengin tumbas permen, aku nggoleki sing dodol permen.” semaure
bocah kuwi karo isih nangis.
“Hla wis sida tuku permen?” pitakone Bu Umi karo njupuk wedang
kanggo bocah kuwi.
Bocah iku mung gedheg lan malah tambah banter nangise.
“Oo… ya wis kowe nunggu ning kene wae karo ngombe wedang iki
dhisik, Ibu arep numbasake permen kanggo kowe lan nggoleki ibumu dhisik ya?”
welinge Bu Umi menyang bocah kuwi.
Sawise bocah iku meneng nangise, Bu Umi banjur tuku permen.
Sanadyan regane larang, Rp5.000, nanging Bu Umi tetep numbasake permen kanggo
bocah kasebut. Bu Umi ora tega karo bocah sing lagi nangis kuwi. Ing tengah
pasar Bu Umi ngerti ibu-ibu sing katon bingung. Bu Umi marani ibu-ibu mau.
“Nyuwun sewu, menapa panjenengan nembe madosi putranipun?” pitakone
Bu Umi marang ibu-ibu kuwi.
“Inggih leres, Bu. Menapa panjenengan mangertos anak kula?” ibu-ibu
mau noleh menyang Bu Umi sing nakoni saka mburine.
“Menika wonten bocah putri ugi madosi ibunipun. Menapa leres
putranipun panjenengan?” pitakone Bu Umi kanthi ngeterake menyang papan sing
dinggo dodol Bu Umi.
“Ya ampun, Ndhuk. Kowe ning ngendi wae? Ibu sing nggoleki nganti
bingung banget.” Bu Nurul, ngono asmane ibu-ibu kuwi, langsung nggendhong anake
kuwi mau sing wis ora nangis.
Bu Umi njlentrehake kadadean mau marang Bu Nurul.
“Matur nuwun sanget nggih, Bu. Amargi sampun njagi anak kula,” Bu
Nurul nyalami tangane Bu Umi kanthi mesem, bungah.
“Inggih Bu, sami-sami,” wangsulane Bu Umi kanthi menehake permen
marang bocah kuwi mau.
Sawise Bu Nurul lan anake pamitan arep bali, Bu Umi nerusake nata
dagangane sing arep digawa bali. Nalika tata-tata, Ilham nyusul menyang pasar
amarga kepengin mbyantu ibune nggawa dagangan sing isih akeh. Dina iki lagi ana
rapat kanggo guru ing sekolahe Ilham, saengga kabeh muride bali luwih cepet.
Saka njero mobil, Bu Nurul isih nggatekake Bu Umi karo Ilham sing
lagi nglebokake pohung ning bagor. Ing batine, Bu Nurul gumun karo Bu Umi sing
gelem tetulung marang wong sing durung tau ketemu.
Esuk-esuk Ilham arep mangkat sekolah, nanging atine tansah susah
amarga durung bisa mbayar buku lan seragam. Bu Umi ngerti apa kang lagi
dirasakake putrane.
“Le, Ibu ngerti kowe lagi susah amarga bayaranmu kuwi. Nanging, Ibu
saiki durung duwe dhuwit sing ganep kanggo mbayar. Ibu rencanane mengko arep
nyilih dhuwit menyang budhemu dhisik. Dadi yen dina iki Ibu entuk silihan
dhuwit, sesuk kowe bisa mbayar buku lan seragam,” ngendikane Bu Umi marang
Ilham.
“lnggih Bu, kula nyuwun ngapunten sampun ndadosaken Ibu susah.”
“Iki wis dadi tanggung jawabe Ibu. Dadi kowe ora usah njaluk
ngapura,” Bu Umi nglipur putrane supaya ora sedhih maneh.
“Nggih Bu, kula badhe
mangkat sekolah rumiyin,” Ilham pamitan lan salim marang ibune.
Nalika sayah ngaso, Ilham menyang perpustakaan ing sekolahe. Ing
kono uga ana Bu Nurul. Bu Nurul ing sekolahe Ilham amarga Bu Nurul iku garwane
kepala sekolah ing kono. Bu Nurul ngerti yen Ilham kuwi putrane Bu Umi amarga
wis tau weruh nalika ning pasar.
Bu Nurul nyawang Ilham kayane lagi susah, banjur arep nyedhaki
Ilham nanging bel tandha mlebu kelas wis muni. Bu Nurul ora sida nemoni Ilham.
Bu Nurul wis bisa ngira-ira yen Ilham lagi mikirake bayaran amarga minggu iki
telat-telate mbayar.
Bu Nurul banjur menyang kantor tata usaha (TU) lan nakokake bayaran
sekolahe Ilham sing durung lunas. Bu Nurul kepengin mbiyantu mbayar buku lan
seragame Ilham, nanging sadurunge kudu takon dhisik marang Ilham.
Nalika bali sekolah, Ilham dikon menyang kantor TU kanggo nemoni Bu
Nurul. Amarga durung ngerti apa pawadane dheweke diceluk menyang TU, atine
Ilham dadi dheg-dhegan. Banjur diterangake yen bayarane arep dilunasi Bu Nurul
kanggo wujud matur nuwune marang ibune Ilham. Ilham seneng banget lan njaluk
idin arep matur marang ibune dhisik.
Sawise Ilham matur marang ibune, Bu Umi kaget. Lan kanggo rasa
ngurmati, Bu Umi menyang sekolahe Ilham lan nakokake piwelinge Bu Nurul rikala
wingi. Bu Nurul wektu iku uga ana ing sekolah.
“Bu Umi, kula badhe nyuwun pirsa menapa kula angsal mbiyantu panjenengan
anggenipun mbayar buku lan seragamipun Ilham? Menika kangge wujud matur nuwun
kula dhateng panjenengan ingkang sampun mbiyantu njagi anak kula nalika wonten
peken,” pitakone Bu Nurul kanthi alus supaya ora nglarani atine Bu Umi.
“Saderengipun matur nuwun, ananging kula menika ikhlas mbiyantu
panjenengan lan boten gadhah gegayuhan menapa-menapa,” ngendikane Bu Umi.
“Inggih Bu, ananging menika ugi kangge bebungah Ilham amargi sampun
dados juwara setunggal ing sekolah menika.” Bu Nurul wis ngerti yen Ilham duwe
prestasi kang apik lan dhuwur ing sekolah.
“Alhamdulillah, menawi kados mekaten, kula ngaturaken matur nuwun
sanget awit bebungah menika, Bu,” wangsulane Bu Umi sinambi mbrebes mili.
“Kula ingkang kedahipun ngaturaken matur nuwun dhateng panjenengan,”
ngendikane Bu Nurul.
“Inggih Bu, sami-sami,” Bu Umi lan Bu Nurul banjur salaman.
Bu Umi ora ngira yen tumindake sing kanggone ora sepira kuwi bisa
diwales kanthi kaya mangkono. Bu Umi tansah percaya yen apa wae kang dilakoni
ing donya iki mesti bakal diwales kaya sing ditindakake, kaya unen-unen: apa
sing ditandur, ya kuwi sing bakal diundhuh.
PENULIS: Kusmira Dwi Ayuani, Mahasiswa Program Studi Pendidikan
Bahasa Jawa Universitas Sebelas Maret
sumber: solopos.com
0 komentar:
Posting Komentar