Serbitan
Dening: Noor Roikhatun N
Serbitan menika mirip upacara brokohan. Inggih menika upacara
nalika bayi nembe lair. Menawi upacara brokohan wonten ing desa Karangmalang
kecamatan Gebog Kabupateen Kudus menika dipunwastani upacara serbitan. Nalika
bayi lair ingkang sepisan tiyang sepuh utawi bapak ngadzani sata ngomati wonten
ing kuping bayi. Lajeng mendem ari-ari utawi sedulur tua sasampunipun mendem
ari-ari lajeng serbitan utawi brokohan.
Serbitan menika wujud setunggal tradhisi ingkang ngemu agama islam.
Amargi tasih ngawontenaken tatacara dedonga cara islam. Tradhisi menika
dipunwiwiti wekdal sonten saking lairipun bayi. Tamu ingkang rawuh menika kedah
ibu-ibu utawi tiyang estri. Serbitan dipunwiwiti dening mbah dhukun bayi kanthi
nyebataken nama si bayi menika, pramila wonten ing tradhisi serbitan emnika
kedah wonten bubur abang putih ingkang jangkep utawi jumlahipun ganep, kadosta
kalih piring. Bubur abang putih menika awujud bubur saking sekul ingkang
dipunparingi gendhis aren utawi gendhis jawi supados saged ngasilaken werni
soklat. Wonten ing padatan lajeng dipunwastani bubur abang ingkang inggilipun
bubur menika dipunparingi bubur sekul warni petak (mboten diparingi gendhis)
saengga assring dipunwastani bubur abrit petak.wonten ing padatan bubur menika
asring dipunginakaken nalika maringi nama enggal, utawi gentos nama.
Sasampunipun nyebataken namanipun bayi, mbah dhukun bayi lajeng
mandegani dedonga inggih menika surat al-qodr nagntos ping pitu. Sasampunipun
dedonga, lajeng lisah sae ingkang sampun dipunselehaken wonten ing lepek
(piring nanging awujud alit biasane kagem ndamoni/nyebuli kopi nalika tasih
panas) dipunubengaken dhateng para tamu. para tamu menika lajeng ngusapaken
lisah sae menika wonten ing mustakanipun bayi.
Sampun rampung tradhisi serbitan menika, lajeng, sederengipun para
tamu menika kondur, para tamu menika sami dipunbektani besek utawi berkat.
Inngggih menika besek utawi kerdus ingkang wosipun sekul, kuluban (sayur
ingkang dipunbumboni sarta diurap kalayan klapa), ulam bandeng, tahu, tempe,
sarta ulam asin.
Ancasipun tradhisi serbitan menika sami kalayan tradhisi sanesipun,
inggih menika nyuwun donga dhateng para tamu supados bayi menika saged sehat,
slamet, serta sae sedayanipun. Serbitan menika ugi setunggal raos syukur ingang
dipunkonjukakeng dening tiyang sepuh bayi menika kagem gusti ingkang maha
kuwaos ingkang sampun maringi rejeki sarta nikmat arupi
bayi menika.
0 komentar:
Posting Komentar