KEMBANG MANGGAR
Sepira playune angin mesthi wae ana lerene, semana uga urip, apa
maneh ketresnan, mesthi wae ana pepalang supaya bisa nggayuh apa kang dadi
pucuking lelakon. Kui mono wis dadi sangganing wong ngaurip, nalika katresnan mung dadi kembang lambene wong sesrawungan. Apa maneh kang bakal
dilakoni? Ya mung pasrah, satuhu ngabekti marang wong tuwa. Mung bisa nata ati
maneh kanggo tresna anyar kang bakal teka.
Kendal, 2013
Endah
kang nduweni jeneng sri endah nawangsih, bola bali ngekep kembang manggar kang
ana ing tangane. Kembang kui dikekep raket karo tangan kiwa lan tengene. Di
arasi kanthi krasa yen wis ora ana maneh kembange. Padahal ya wis ngerti yen
kembang manggar kui ora ana ambune, seje karo kembang mawar kang nggandha arum
rina wengi.
Ing
ngisor wit krambil kuning kang ana ing ngarep omahe Endah iki, biyene dadi
seksi crita lawase Endah kang mawarni warni. Jaman lagi kenal virus kembang
mawar anom kang aran tresna kethek. Janji lan impen impen jaman cilik kuwi
sangsaya cetha wela wela katon nyumunari atine kang saiki lagi resah, bingung
lan susah. Crita lawase jaman isih ana jaman jejodhoan nganti jaman gedhene iki
kang ora kenal marang wong ing padesan.
“En,
kembang manggar iki pancene mung kembang manggar kang ora bisa nggandha arum
kayata mlathi lan mawar kae kang nggandha rina wengi. Kembang mawar iki uga ora
aji apa apa, mung ibrate aji godhong garing. Nanging saiki kembang manggar iki
lan wit klapa iki bakal dadi seksi yen tresnaku marang sliramu ora bisa luntur
kaya rontoke kembang iki. Besuk yen wis diwasa, bakal tak ganti kembang manggar
iki karo ali ali kang aji. Bakal dakboyong awakmu ing panggonan mobyor mobyor
dadi ratuning pandhita aran Jaka Susilo. Titenana ya En, entenana aku.”
“Iya
mas Jo, pancene ora sepiraa ajine kembang manggar iki, nanging kanthi tekadmu
kui, aku saguh ngenteni tekamu saka prantoan. Nanging, uga lilakna aku nggoleki
kepinteran kanggo mulang anak anakku besuk ing omah magrong magrong kui”
“Iya
En, elingana, 20 taun meneh, dakenteni sliramu ing ngisore wit krambil iki.”
“Iya
mas Jo, aku bakal mara.”
Jalaran
asih kang makantar kantar nalika isih kemuning bocah umur 5 taun kui, dina iki,
Endah netepi janji katresnan karo Joko Susilo jaman biyene. Nanging, nganti
sumuruping srengenge lan ilanging kembang manggar kang ana ing tangane kui, Joko
Susilo ora teka kaya kang dikandhakake. Kembang manggar kang ana ing tangane Endah
ora sepisan pisan icul saka tangane. Sanajan iki dudu kembang manggar sepisanan
kang diwenehake Joko jaman kae, nanging, kembang manggar iki uga uwuhan saka
wit krambil kang dadi seksi janjine jaman biyen.
“Ndah!”
ana sawijining tangan kang njawil pundhake.
Sri
Endah Nawangsih mlengo ngematake sapa priyayi kang njawil mou.
“Mas
Kirno!” jawabe Endah kaget “Ana pa sliramu mrene Mas?” pitakone Endah marang
priyayi kang njawil pundake.
“Ndah,
aku ngerti kabeh critamu marang Joko Susilo. Aku ngerti kepriye tekade kowe lan
Joko nganti seprene iki. Nanging, aja dadi gelaning atimu yen nganti saiki Joko
ora teka mungkasi janji katresnane marang sliramu. Aja dadi lara atimu. Ora yen
Joko niat mblenjani iki. Nanging iki wis titahe gusti.”
Mripati
Endah kang ndamar kanginan saya abang sawangane. Banyu luh kang sakawit crita
iki diwiwiti ora bisa dilereni tumetese saiki banjur wis ora kuwawa kepiye
bakale ilange banyu luh kuwi. Atine trataban ora bisa oncat saka akehing
pitakonan kang kudu di jawab nanging sing jawab kudu Joko dhewe, kudu slirane
dhewe kang bisa gawe trenteming atine Endah kang ora bisa logro.
“Nanging
kenapa Mas Joko bisa mblenjani mas? Apa ana wadon liya kang gawe Mas Joko lunga
lan luput saka janjine?”
“Ora
Ndah, sejatine dheweke ora lali, tur ora bisa nglalekake awakmu saka pamikire.
Nanging priye maneh, kabeh iki wis tinulis dadi tekdir jawaban janjine Joko lan
janjimu biyen.”
“Nanging
apa sebabe mas? Apa Mas Joko ora saguh maringi ngertos karo awakku?’
“Ora
Ndah! Ora! Joko wis ngenteni wektu iki 20 taun lawase. Ngenteni sliramu nganti
bisa dadi guru lan nemoni cita citamu kaya saiki. Nanging kepriye maneh,
ndilalah wae,,,,”
“Ndilalah
wae wanci bebrayane tiba ing wanci iki.”
Pet.
Rasane atine Endah ora bisa oncat maneh saka tangise. Mripate kang sakawit mou
adu arepan karo mripate Kirno saiki wis mlengos ngumpetake tangise kang saya
ndadi. Awake krasa lungkrah lan nggreweli nganti sendhenan ana wit klapa ing
burine. Mripate nyawang lakon kang wis kelaku wingi wingi kae. Bareng atine
krasa rada sumela, dheweke bacutake omonge.
“Saiki
nyang ngendhi pahargyan agunge Mas Joko?”, ucape Endah karo nguatake atine.
“Arep
ngapa Ndah? Kowe apa ora mesakne joko?”
“Ora
ora mas yen aku bakal ngrebut Mas Joko. Wis tuduhna wae!”
“Ayo
melu aku! Tak tuduhke”
Endah
ngetutake Kirno ing saburine. Nganti teka ing sawijining omah gedhong magrong
magrong. Atine Endah saya keranta ranta nalike eling janjine jaka mbiyen yen
dheweke sida dadi ratu ing omah iki kanthi sinebutan nyonya Joko Susilo.
Ing
kana wis akih ubarampe pahargyan nikahan kang tumata ing padi padi utawa ing
meja kang diubengi kursi korsi warna putih. Wis akih para sedulur kang ngewangi
lakone pahargyan dina iki mau. Kirno ngajak Endah lenggahan kursi ing sawijining
panggonan kang ana ing sangarepe padi padi pas. Ora let suwe pahargyan agung
kuwi wis kawiwitan kanthi lakune Joko Susilo lan sawijining wanodya ayu
manglingi. Samar samar Endah namatake, jebul wanodya kuwi Sri Reswari kang
sakawit cilike ngaku marang dheweke yen nduweni rasa tresna marang Joko Susilo.
Sri Reswari uga kanca kenthele Endah sakawit cilike, nanging kepriye critane Reswari
kang wis ngerti lakone dheweke lan Joko Susilo bisa tegel nugel crita lawas ing
titiwancine. Mangkone pitakonan kang mubeng mubeng ing pamikie Endah.
Pahargyan
kui sangsaya tambah agung kanthi iringan lakune ucapane panatacara kang edi
peni swarane. Uga swarane wranggana kang nembangake gendhing “asmaradana”
kanthi lirikane serat wulngreh putri, persis kayata pahargyane Endah kang
dikarepake nalikane titiwancine karo Joko Susilo bisa sandhing ing sasana
rinengga kaya dina iki.
“Ndah”,
pangucape Kirno marang Endah kang nggawe
bubrah lamunane Endah.
“Kepriye
Mas?”, ucape Endah kanthi noleh marang
kang ngajak guneman.
Kirno
ngusapi banyu luhe Endah nganggo sapu tangane lan nggawa sirahe Endah menyang dhadhane.
Tangise Endah sangsaya tambah ngguguk ana ing dekepane Kirno. Dheweke malah
dadi kelingan lelakone biyen karo Joko Susilo. Yen Joko Susilo ora bakal lila
lan meneng wae ngerteni Endah nangis lan digawe cuwa. Nanging saiki malah Joko
dheweke kang gawe atine cuwa lan gawe dheweke nangis tur lara kaya saiki.
Nganti seprene tindhakane Joko ora bisa dibenerake marang pamikire Endah.
Bingunge, kenapa kudu dina iki, titi wancine dheweke ngenteni jawaban saka
tunggonane sakawit biyen, kena apa ora sesuk sesuk wae, saengga ana wektu
kanggo ngowahi atine lan waktu kanggo njlentrehake tindhakane kang mangkono.
Nganthi
rampunging pahargyan kuwi, nganthi para tamu wis ora ana, Endah isih nangis
ngguguk ing dhadhane Kirno. Atine ora bisa diajak guneman lan dieremake maneh.
Pamikire, nganthi tak gawe larane awakku, lumaku saka Jakarta, ninggalake kabeh
pakaryanku mung gawe netepi janji iki, nanging apa kang tak karepake kaya
ngoyak ombak banyu ing tengahing samodra, siya siya blaka. Sepira larane atine
ngerteni yen kang linggih ing sasana rinengga dina iki kang dadi pangangene dudu
dheweke, nanging kanca kenthele kang saben saben wayah dadi gandhulaning
critane.
“En!”,
ana tangan kang nyekel pundhake.
Endah
ndengengek lan ngingeti sapa priyayi kag duweni tangan kui. Tangise saya banter
ngerteni yen tangan kuwi duweni gandhulaning atine.
Kirno
ninggalake pawongan loro kui supaya bisa omongan bebarengan.
“En”,
ngucape Joko marang Endah. “Aku ora nduweni niyat babar pisan kanggo nglarani
atimu, nanging kepriye maneh. Aku nglakoni iki kerana kepeksa. Kangmasku, kang Kirno
nduweni loro kang wis ora bisa maneh ketung dinane. Ora ngerti sepira suwene
uripe. Awit biyen dheweke seneng karo sliramu, kepengen nduweni sliramu, nanging
dheweke ngerti yen iku ora bisa, wong tuwaku njaluk menyang aku supaya
nglilakna sliramu gawe kakangku supaya dheweke bisa urip seneng ing sisa umure.”
“Terus
sliramu sarujuk wae karo keputusan kui mas? Apa ora mikirke kepriye perasaanku?
Kepriye olehe ngenteni titiwanci iki?” pamedote Endah karo nangis saya ngguguk.
“Ora
En ora! Aku nolak wektu kuwi. Nanging pamikirku, wong tuwamu uga ora sarujuk
marang aku, luwih sarujuk marang kangmasku, dadi bisa ora bisa kuwi dalan kang
paling apik miturut aku”
“Nanging
kuwi ora adil kanggo aku mas, aku iki punjering crita, nanging panjenengan ora
menehi wektu aku kanggo milih”.
“Sareha
ndisik En. Sejatine aku wis menehi layang sms kanggo awakmu, nanging ora pernah
ana balesan. Menawa wae nomer kuwi wis ora aktif. Nanging kondisi kangmasku
saya ndadi nalik arep titiwancine kita ketemu. Wong tuwaku uga wis nglamarake Reswari
gawe aku En, amarga wong tuwane Reswari wis nembung marang wong tuwaku supaya
bisa besanan. Dadi, apa kang bisa daklakokake En, mung iki kang bisa aku
lakokake, supaya aku lan kowe ora dadi bocah murang sarak, lan bisa gawe
bungahe atine liyan. Ngapurana aku En.”
“Mas
mas. Aku ora tegel yen nesu marang sliramu. Yen iki miturutmu wis dadi
keputusan kang paling becik, semono uga aku, aku manut marang pamikirmu.”
“Saiki,
ayo pada nata ati kang wis dadi iki, dirobah marang kahanan kang saiki dadi
nyata, aku lan kowe isih isa urip bebarengan, nanging mung dadi seduluran wae En”
“Iya
mas, menawa wae ketresnan iki mung bisa dadi pepujaning ati, sliramu ora bisa
dadi duweku, semono uga aku. Aku titip Reswari ya mas, dheweke kui kanca
kenthelku, jaga dheweke kaya njenengan jaga aku.”
“Iya
mesti kuwi En, matur nuwun palilahmu. Kembang manggar iki mung dadi seksi dene
jawaban sing kowe lan aku enteni ing ngisore kembang manggar iki, mung lamise
bocah jaman semono. Luruhe kembang manggar iki pada wae luruhe katresnanku
marang sliramu, nglilakna sliramu urip luwih mulya.” Joko Susilo ngadeg saka
linggihane lan menehake sakembang manggar kang wus diawetake marang tangane Endah.
Banjur tumuju padi padi maneh kanggo nemoni semahe lan kangmase. Ninggalake Endah
sing isih nata atine kang cuwa.
*&*
raikha
binta fauz (Noor Roikhatun Ni’mah)
08-09-2014
0 komentar:
Posting Komentar