NGULANDARA
Ing
setunggaling dinten, oto ingkang dipun tunggangi dening den bei sisten wedana
kalayan keluwarganipun mogok wonten bulak ing sangandapipun desa kledhung,
setunggaling jurangipun redi sumbing lan redi sindara, wonten ing antawisipun
parakan (temanggung) lan kreteg (wanasaba). De bei lan asisitenipun ingkang
asma kasna sampun judeg, bingung pripun anggenipun ngewahi oto supados saget
mlampah malih. Dumadakan wonten setunggaling oto ingkang mandheg wonten
ingkingipun oto. Sopiripun mandhap lan nyamektakaken badhe ndandosi oto ingkang
mogok. Sak sampunipun oto mlampah malih, den bei badhe maringaken tandha
matursuwun kagem tiyang ingkang sampun nulungi kala wau, nanging dereng kasil.
Den
bei kalayan kaluwarginipun tasih nggadahi niyat kangge maringi tandha matur
suwun, ananging, otonipun tiyang ingkang nulungi kala wau lajeng mlampah terus
ngantos arah Magelang. Pungkasanipun den bei mboten kasil anggenipun maringi
tiyang nulungi kala wau, nanging sampun kasil nyatet merk lan plat oto kala
wau.
Ing
dinten minggu watawis jam wolu, nyonyah oet hien rawuh wonten ing dalemipun den
bei asisten wedana. Nyonyah hien nggadahi niyat kangge nyuwun pirsa kagem den
ayu asisten wedana perkawis berleyan, lan niyat badhe adol otonipun. Den bei
nyanggupi tumbas berleyan wonten tokonipun nyonya hien, nanging den bei mboten
saget tumbas otonipun amargi sampun nggadahi setunggal oto lan sampu kraos
cekap. Supiripun nyonyah hien dipun timbali menyang dalemipun den bei kalayan
mbekta otonipun. Supiripun nyonyah hien punika ternyata tiyang ingkang sampun
nulungi den bei rikala otonipun mogok, lan oto ingkang dipun agem supiripun
inggih otonipun nyonyah hien. Supiripun nggadahi asma RAPINGUN. Mangertosi
bilih ingkang supir inggih punika rapingun, den bei nyamektakaken menawi
rapingun dados supiripun den bei, nanging den bei mboten kersa mundhut otonipun
nyonyah hien.
Watawis
setunggal sasi saking rawuhipun nyonyah hien, rapingun lajeng rawuh wonten dalemipun den bei kangge
milahi kerja. Kasil kerjanipun rapingun maremaken den bei kalayan kaluwarginipun.
Ing setunggaling dinten, rapingun nggadahi niyat kengge ngajari hel, inggih
punika jaran ingkang dipun wastani jaran edan, nanging den bei lan kaluwarginipun
mboten sarujuk, bilih menawi hel punika saget bebayani kangge rapingun.
Setunggal
minggu saking rawuhipun rapingun, den bei kalayan keluwarganipun tindhakan
wonten kemantren guron. Rapingun lajeng milahi ngajari hel. Hel dipun ajak
mubeng mubeng. Sasampunipun rampung ngajari hel, rrapingun balik wonten
dalemipun den bei, den bei lan keluwarganipun mboten remen menawi rapingun
tasih ngajari hel.
Ing
dinten setu, watawis jam enem, rapingun dhateg wonten dalemipun raden ajeng
supartinah (tien) wonten parakan. Raden ajeng tien dados guru partikelir.
Rapingun maringi pesen menawi den ayu biyungipun den ajeng tien mboten saget
nderek wonten dalemipun bu mantri gudhang wonten magelang amargi tasih puyeng.
Lajeng raden ajeng tien lan rapingun tindhakan wonten magelang. Wonten Magelang
tien lan rapingun dipun ajak dening bu mantri gudhang kagem ningali peken
malem.
Wonten
ing peken malem, raden ajeng tien kraos mboten sekeca manahipun amargi dipun
anceri dening kalih priyantun. Lajeng den ajeng tien pamit nyuwun wangsul
kalayan bu mantri gudhang.
Ing
margi, wonten pit montor ingkang ajeng nyelip oto ingkang dipun tumpangi den
ajeng tien lan rapingun, nanging pit montor punika lajeng mandhegaken otonipun
raden ajeng tien. Raden ajeng tien sansaya ajrih rikala kalih priyantun ingkang
numpangi pit montor inggih punika kalih priyantun ingkang nganceri piyambakipun
wonten peken malem. Pungkasanipun priyantun kalih kala wau tukaran kalayan
rapingun, nanging saget dipun menangaken rapingun. Nanging tanganipun rapingun
retak, den ajeng tien ngudari stagenipun kagem mblebet tanganipun rapingun.
Sasampunipun
dumugi dalemipun den bei, rapun dipun dangu menawi kenging punapa tanganipun,
nanging raingun njagi namanipun den ajeng tien, lan sumahur menawi tanganipun
kenging slinger. Wonten ing wengi punika den bei lan kaluwarginipun ngangkat
rapingun dados putranipun.
Sampun
seminggu rapingun ing griya sakit. Ing satunggiling dinten, den ajeng tien
nuweni rapingun, lan crita menawi keluwarga bu dhenipun den ajeng tien ingkang
asma raden gandhaatmaja nembe susah, amargi raden sutanta putra setunggalipun
sampun minggat watawis 7 sasi. Rapingun ngendhikan menawi piyambakipun sampun
mangertosi raden sutanta, amargi raden Sutanta kancanipun bendharanipun
rapingun, ingkang asma raden subijakta. Lajeng serat kangge raden mas sutanta
dipun bekta dening rapingun malih.
Sasampunipun
saking griya sakit, rapingun nyuwun izin pamit wangsul kagem nuweni tiyang
sepahipun amargi rapingun putra namung setunggal lan kraos rasa kangen kalayan
tiyang sepahipun.
Setunggal
wulan saking wangsulipun rapingun, wonten serat saking rapingun ingkang
isinipun menawi rapingun tindhak kagem goleki raden sutanta kados janjinipun
marang bendharanipun raden subijakta.
Watawis
nem wulan saking tindhakipun rapingun. Rapingun lan keluwarga den bei saget
kepanggih wonten dalemipun mantri guru. Rapingun inggih punika raden Sutanta
ingkang sampun minggat. Raden Sutanta sapunika sampun dados opseter.
Keluwarganipun den bei kaget menawi rapingun inggih punika raden sutanta
putranipun raden gadhaatmaja.
Sesampunipun
wolung wulan, raden sutanta sampun emah emah kalayan raden ajeng tien, lan
raden ajeng tien sampun nggarbini.
0 komentar:
Posting Komentar