cerkak

12/01/15

Waton Katon Kuning

Dening: Noor Roikhatun Ni’mah

Pasar kliwon nalika ngadepi wayah pasa pancen jejel riyel. Ndadak ramene ora jamak, beda banget karo dina-dina padatane. Atusan wong, kalebu aku pating sliwer nggawa blanjan karo nyudingi klambi sing pada kumlawe ing pinggir dalan. Dina iki pancen niyatku arep golek sandhangan kanggo riyaya sing werna putih. Wis sejam muteri pasar kliwon sing misuwur gedhe lan wiyare babagan klambi iki, nanging durung ana siji-sijia klambi sing ndadekake atiku sumedot nggondheli. Kabeh klambi daksawang kaya dadi kucem lan robah wernane, ora kaya sing dakkarepake. Siji baka siji toko dakleboni, dak takoni klambi werna putih sing kaya dakpengeni. Nanging kasile tetep nol. Durung kecantol babar pisan. Mbakyuku, Asih sing ngeterake aku wis wiwit ngoceh.
“Dhik. Mbokya ndang ditetepake pilihane. Aja mubeng wae. Mengko ndang bali.”, kandhane mbak Asih rada ngamuk.
“Inggih mbak, nanging dereng wonten ingkang sae miturut kula”, sanggahku semu aleman.
“Sing mbok goleki ki sing priye ta, dhik? Sing kerutan gegere ya ora kanggo, sing lengene mripit apa maneh. Golekanmu apa sing singlet kui ta?”, kandhane karo nyudingi klambi sing gumantung ing dhuwurku. Kandhane mbak Asih malah nyuntak pangeling-elingku marang klambine Saras, kanca SMAku biyen.
“Nggih mboten ta mbak.”, wangsulanku semu mesem.
Dumadakan ana bocah cilik mlayu. Banter-banteran playune saengga nabrak kresek sing dakcekeli. Kresek putih isi klambi kanggo adhiku pungkasane dadi tiba kepidak-pidak sikile wong sing jejel riyel. Aku nubras nubras miyak sikile wong-wong sing lagi padha ngadeg. Nggoleki plastik werna putih mau.
Plastik sing dakcekel mau kesaduk-saduk nganti tekan ngarep toko klambi. Olehku njupuk ya tekan ngarep toko kui. Mbak Asih nututi aku saka mburi. Lagi wae ngadeg, aku weruh rok kuning cumenthel ngawe-awe lakuku.
 Aku kepincut marang rok sifon kuning sing sajake lagi dicenthelake kui. Pegawe toko sing ngadeg dakkongkon njupuk rok kui. Mbuh gene atiku kaya tresna marang rok kuning kui. Ora preduli pira regane. Menawa wae pegawene ngreti yen aku kadung keladuk tresna marang rok kuning kui, mulane banjur menehi rega sing ora kaya padatan. Mbak Asih mung gedeg karo mesem ngerti kedadean kui.
Sawise entuk rok, aku bali menyang omah. Daksawang mbak Asih wis sayah. Dadi mulihe ora ngenteni jemputane mas Pri, nanging numpak angkutan kaya nalika mangkat.
“Seneng rok kui tenan ta, dhik?” pitakone mbak Asih nalika ana parkiran ngenteni angkutan.
Aku ora mangsuli, mung mesem karo ngekep kresek ireng isi rok kuning mau. Ora let suwe angkutan sing diantu teka. Aku lan mbak Asih enggal mlebu kareben entuk panggonan linggih sing kepenak.
“Ya ora sah dicekel terus dhik. Kala-kala diselehke ta”, wangsulane mbak Asih semu mbebeda karo sendhenan ing jendhela angkutan.
Aku dadi kisinan ngreti tingkah anehku. Karo semu isin dakselehake plastik sing asale dakkekep ing pangkonku.
Kerana seneng, aku nganti ora ngreti yen angkutan sing daktumpangi wis tekan bangjo prapatan jember. Prapatan iki kalebu panggonan sing paling rikat laku werna ijone. Sedhela wae lampu ijo murup banjur sedhela maneh disusul lampu kuning tumuju lampu abang maneh. Ing lampu bangjo iki uga padatan akeh wong gagah sing pada njejaluk karo nyadhong tangan ing jendela mobil sing lagi mandeg ngenteni lampu bangjo. Kekuatane pada diijolake karo cadhongan tangan njaluk kawelasan. Kedadean mangkene sing kadang gawe gumune para sopir uga penumpang. Pada pada golek dhuwit kok ditarik dhuwit. Apa maneh kadang ngerteni yen wong njejaluk kui kadang ya sugih bandha.
***
Tekan omah aku uluk salam banter sinambi linggih ana ing lincak. Ibuku gupuh olehe nampa tamu nganti ora ngreti yen olehe mlayu marani tamu isih nggawa saringan teh. dikira ana tamu njaluk sumbangan kaya padatan.
“La kok ndadak mbekta saringan ta buk?”, aloke mbak Asih karo salaman marang ibu.
“Iki mau lagi nggawe teh anget kanggo bapakumu kae. La dalah ana wong uluk salam, takkira wong njaluk sumbangan je, mulane gage olehku mbagekake.”
“Bapak kenging napa buk?”, kandhaku karo salaman marang ibu lan  nututi mbak Asih mlebu omah.
“Mboten gerah malih ta bu?”, pitakone mbak Asih saka kamare.
“Ya ora ta, Sih. Dongamu kui. Iki mau bengi mentas ngurusi banyu ing sawah, mbanyoni tanduran.” Semaure ibuku karo nerusake olehe nggawe teh anget. “Keselen yake”, sambunge ibuku karo nyelehake teh anget ing kamare bapak.
Aku karo mbak Asih pada pisahan. Aku menyang pawon sawuse salin penganggo. Karepku arep ngrewangi ibu masak kanggo mangan sore. Dene mbak Asih teturon ana ing peturon kamare sinambi kipasan. Aku mung gedeg ndelengi tingkahe mbakyuku. Wis dadi padatane yen bubar saka lelungan mesthi teturon. Gawan bayi jarene ibu. Apa maneh saiki kandhutane wis ngancik watara limang wulan. Dadine gampang kesel nalika lelungan adoh. Mula njur saiki duwe julukan anyar, ”mbak Asih turunan”
“Priye roke? Wis enthuk mau, Na”, pitakone ibu nalika aku lagi ngiris bawang.      
“Sampun, bu. Angsal werni kuning kalawau”, semaurku karo isih tandang gawe.
“Nanging rak ya kui kekarepanmu dhewe ta?”
“Inggih bu.”
“Ya wis yen wis seneng. Padatan kowe ora gelem nganggo yen ora kekarepanmu.”, Aku mung mesem.
Saka pawon krungu ana swarane wong uluk salam banter. Aku gage bagekake tamu sing uluk salam. Jebule bu dhe Dasih karo putrane sing aran mas Jaka teka mertamu. Aku ngacarani lungguh sinambi menyang pawon ngundang ibu. Ora let suwe aku teka menyang ruang tamu karo nggawa unjukan lan gorengan sawuse ibu lan bu dhe Dasih pada caturan. Olehe guneman ngenani babagan konsumsi sing bakal disuguhake nalika pengajian seminggu maneh. Olehe rawuh bu dhe Dasih amarga arep nepungake kewasisane mas Jaka anggone nggawe tahu bakso, kaya sing dikarepake ibu.
“Ya sing regane sewunan wae ta yu, mengko ben ora entek dhuwit akeh. Nanging sing aja nganggo pangawet ya, aja nganggo formalin apa boraks ngana kui.”, pesene ibu marang bu dhe Dasih.
“Ya mesthi ta, Jaka ki rak ya lulusan Tataboga, ya ora mungkin nggawe panganan sing ora genah ngana kui.”, sumambunge bu dhe Dasih.
“Ya wis yu, aku pesen 300 iji ya.” Ature ibu karo nyumanggakake bu dhe Dasih lan mas Jaka ngrahapi unjukan lan gorengan sing disuguhake.
“Inggih bu lik, ngiras dados palarisan usaha ingkang nembe kula wiwiti niki.”, sambunge mas Jaka.
***
Esuke, sedurunge dakkumbah, rok kuning sing wingi, dakjajal maneh. Kaya-kaya kurang marem olehku njajal wingi ing pasar. Olehku njajal karo klambine sisan, dakjajal muter-muter ing ngarep kaca sinambi mesam-mesem. Dumadakan lawang kamarku diwiyak. Ibu mirsani tingahku sinambi mesem ngempet guyu. Ora sida nembungake apa sing bakal diutus kanggo aku, nanging malah lungguh ing peturonku sinambi nyawang tingkahku luwih suwe.
“Ayumu kui beda karo mbakyumu. Yen mbakyumu rak ayu, nanging yen kowe ana semu manis, dadine ora bosen yen nyawang ayumu. Apa maneh nalika nyandang nganggo rok kuning kuwi, sok-sok malah kaya ibu nalika isih enom kae.”, aloke ibu karo semu ngempet guyu.
Aku sing dialoki mengkono saya mongkog atiku. Sanajan akeh sing alok kaya mengkono, nanging lagi iki ibu ngalem aku kaya mangkono. Nanging dhasar bocah isinan, aku mung meneng sarwa nata sandhang nganggoku. Salin penganggo kaya padatan.
“Kok dicopot ta, Na? Isin pa?”, aloke ibu nalika mirsani aku lempit lempit klambi sing bubar dakanggo.
“Ibu ndamel kula lingsem, mpun! badhe kula kumbah kemawon rasukan kalayan andhapan menika.”, krungu kandhaku ibu banjur metu saka kamarku karo ngguyu.
“Bocah, Bocah, dialem kok malah isin.”, mature karo mlaku menyang kamar.
Aku banjur ngumbah sandhang penganggone wong saomah. Rampung umbah-umbah lan njerengi, aku banjur nyapu jogan. Olehku nyapu sinambi nyawang rok kuning sing kumlawe digawa angin ing jerengan. Atiku saya bungah, kaya-kaya wis kepengen nganggo rok kuning kuwi ing dina riyaya. Senajan riyaya isih suwe, nanging kaya wis cumepak arep teka, ya iki amarga wis ana rok kuning sing dadi panglipur atiku sing kecuwan ora merkoleh sandhangan werna putih.
Rampung nyapu aku banjur nyetrika lan nandangi pegawean liyane. Awane aku niyat turu, amarga ibu lagi ora masak lan niyat arep mangan ing njaba mengko bengi sekeluarga. Tangiku nalika wayah sore, nanging srengenge durung nganti surup. Isih nggliyeng amarga kakean turu, aku banjur mlaku menyang jerengan. Ing pikirku mung kelingan rok kuning sing mau esuk takjereng. Aku banjur mlaku menyang jerengan ing sisih pakiwan. Nanging, sepira kagete aku, nalika dakweruhi jerengan kui wis ora ana rok kuning sing mau esuk dakjereng. Sing ana mung klambi liyane. Aku mlayu nggoleki mengarep. Menawa wae kabur kanginan menyang ngarep. Nanging tetep wae ora ana. Malah sing katon mung wong wadon nyanyi ing pojokan dalan karo jejogedan. Waton katon kuning bisa wae kui rok kuning sing dakjereng mau. Aku mlayu nututi wong wadon kui. Pikiranku sing ora nalar nuruti nepsu yen menawa wae rok kuning sing dianggo wong wadon kui rok kuningku, apa maneh bentuke padha. Ora mikir maneh, aku banjur nyekel pundhake wong wadon kui, dakcekel nganti wong wadon kui noleh. Aku mlongo bareng ngerteni yen wong wadon kui wadon daden-daden sing kerep maggung nalika ana pitulasan Agustus ing kampungku. Aku sing padatane pitulasan ing kampungku, yakin yen kui asring sinebut karo banci pitulasan. Aku mlayu, ora sida takon. Kepriye wae, sing paling dakwedeni ya mung banci kaya mengkono kui. Aku banjur bali menyang omah karo nangis. Ibuku sing lagi wae wungu banjur takon kedadeane. Aku banjur crita yen rok kuning sing mau esuk takjereng ilang, menawa wae dijupuk banci lan dianggo banci ing pojokan dalan kui. Ibuku mung mesem, banjur ngelus-elus sirahku, ngereh-ereh.
“Ndhuk, rokmu dudu kui, kui roke banci dhewe. Mau awan rokmu wis garing. Banjur Rokmu dakjupuk nalika kowe turu. Dakseleh ing lemarimu.”
Aku banjur mbukak lemari lan ngreteni ana rok kuning gumantung ing lemari isih tetep ngawe-awe marang aku.

***

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.