Secang
Secang. Nama salah sawijining taneman sing wus kawentar akeh
pigunane tumrape kuwarasaning menungsa. Secang uga gampang uripe nalika
mbudidaya. Ora angel nemokake secang ana ing sakubenge panguripe manungsa.
Padatan, secang digawe pager ana ing padesan. Secang kuwi arupa taneman sing
saemperan karo petet lamtoro. Nanging nalika wit secang digodhog, banyu tilas
godhogane bia rubah wujude dadi abang.
Secang mono akeh migunane tumrap kesehatan. Kaya dene sing kapacak
ing ngisor iki:
·
Kanggo
ngresiki getih reged. Kerokan kayu
secang sacukupe, ketumbar, godhong trawas, digodhog karo banyu, yen wis adhem
disaring diombe. Saben dina ngombe kaping pindho esuk lan sore.
·
Kanggo
diare, mencret. Kayu secang 5 gram dikethok-kethok banjur digodhog karo banyu 2
gelas suwene 15 menit. Sawise adhem disaring, dibage loro diombe esuk lan sore.
·
Kanggo
watuk getih, TBC. Kayu secang 11/2 driji
dikumbah sing resik diiris-iris cilik. Digodhog karo banyu 4 gelas nganti kari
separone. Yen wis adhem disaring, diombe kaping telu saben ngombe 3/4 gelas.
·
Kanggo
bebuwang getih (berak darah). Kayu secang sadriji diumbah diiris-iris banjur
digodhog karo banyu 3 gelas nganti kari separone. Yen wis adhem disaring,
ditambah madu diombe. Sedina ngombe kaping pindho esuk lan sore, saben ngombe
3/4 gelas.
·
Kaanggo
radang selaput lendir mata. Kayu secang 2 driji dikumbah banjur diiris
cilik-cilik, digodhog karo banyu 3 gelas nganti kari separone. Yen wis adhem
disaring, banyune kanggo ngrambang mripat sing lara.
0 komentar:
Posting Komentar