crita

11/01/15


AMARGA ANGKARA


Minangka judeging ati lan rasa cuwa kang sangsaya kedaya daya amarga ramane ora nuruti apa kang dadi kekareping atine para Duryudana lan para Kurawa yaiku supaya rama Drestarestra nglungguhake para kurawa kang dadi pewarise negara Astina lan ora lila menawa para pandhawa merkolih apa kang dadi hake yaiku negara Astina, mangka Duryudana lan rayi rayine gawe rekadaya patine para Pandhawa. Rekadaya kang dumadi iki bola bali minangka usule uwane para Kurawa yaiku patih Sengkuni. Para kurawa gawe omah pesareyan kang aran bale sigalagala kanggo para pandhawa lan ibu Kunti. Omah kuwi sakane dumadi saka gala utawa ubarampe kang gampang mbledos menawa kena geni.
Kanti ulat manis lan wicara kang edi, Duryudana ngacarani menawa para Pandhawa kudu manggon ing bale sigalagala  sawetara wektu supaya bisa mangerteni kepriye watak wantune para kawula cilik ing saindering negara Astina. Para Pandhawa ora nduweni rasa cubriya marang para Kurawa, mula kanti ati kang sumeleh lan resiking pikir, Yudhistira mboyong rayi rayine lan biyunge masanggrah ana ing bale sigala gala, nglakoni apa kang dadi pamikire Duryudana. Kanggo bantu para Pandhawa, Duryudana ngetutake abdine kang aran Puracarana kanggo ngladeni sekabehing kebutuhane para Pandhawa.
Ing sawijining dina, Kanana kang dadi abdine Yamawidura dumadakan teka ing bale sigalagala nggawa kabar saka Yamawidura supaya para Pandhawa ningkatake waspada. Ana ing tanggal 14 wulan iki, Kurawa ngajak Pandhawa lan ibu kunthi kanggo kembul bujana ing bale sigalagala. Kaya kang dikabarake Kanaka, ing wanci kuwi Kurawa duweni niat kanggo ngobong balesigala gala. Wanci tengah wengi, sawuse kembul bujana, Kanaka ngaturi barang wadi marang Pandhawa supaya nglewati leng kang wis digawe Kanaka nalika bale sigala gala kuwi diobong.
Ora let suwe Puracarana ngobong bale sigalagala kaya kang dadi titahe Duryudana. Bale sigalagala wis katon murup kanthi warna abang, geni mbulat mbulat negsemake kaya sunare srengenge ing wanci arep kumitir mengulon. Wrekudara kang paling bregas awake mbopong rayi rayine lan biyunge mlebu menyang leng kang wis digawe Kanana. Wusanane, Pandhawa lan ibu kunthi bisa slamet raharja nganti tekan alas. Nanging brahmana 6 kang nginep ing bale sigalagala ora bisa oncat lan kobong ana ing bale sigalagala.

Esuke, ora sepiraa senenge para Kurawa mangerteni menawa bale siagalagala kobong. Apa maneh kang mbombong atine yaiku menawa ana kabar kang misuwur yen ana layon 6 kang ditemokake ing labete kobongan mou. Kurawa ngira menwa layon layon mou jisime Pandhawa lan ibu Kunthi. Prabu Drestarasta lan resi bhisma kang ngaweruhi kedadeyan kuwi pada sungkawa penggalihe. Nanging uwa Yamawidura mung gumuyu ngerti kabar kuwi.

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.