Tedhak siti utawi tedhak siten menika setunggal tradisi ingkang
dipunlampahi nalika wonten bocah ingkang nembe saged mlampah. Wonten ing desa
Karangmalang tradhisi tedhak siten menika kalampahi kanthi cara ingkang
sederhana, namung ngundang bocah alit alit wonten ing saindenging griya lajeng
acara tedhak siten dipunwiwiti.
Rantaman
adicara tedhak siten ingggih menika:
Bocah
dipunlenggahaken wonten ing inggilipun ketan ingkang dipunwadahi lengser
Lajeng
bocah emnika dipuntutupi kurungan pkagem ayam ingkang sampun dipun paesi
Wonten
ing lebet kurungan bocah menika dipuncepengi dolanan supados mboten muwun
Lajeng
bocah-boah alit ingkang dados tamu sami lenggah ngubangi kurungan wau
Lajeng
dipundongani
Sasmpunipun
dipundongani, bocah ingkang dados tamu kala wau dipun sebari arta receh kalayan
beras kuning supados dipunpundhut kanthi rebutan.
Mekaten
lampahing acara tedhak siten wonten ing desa Karangmalang kecamatan Gebog
Kabupaten Kudus.

0 komentar:
Posting Komentar