podjok jawa

02/12/14


Aja dumeh menika setunggal pitedah ingkang cekak aos nanging ngemot surasa ingkang tandhes. Tembung aja dumeh menika nggadahi teges sami kalayan "aja peh". menawi wonten ing basa Indonesia nggadahi teges "jangan mentang-mentang". Tembung aja dumeh menika ugi saged dados jalaran tembung adigang adigung adiguna, inggih menika tiyang ingkang ngendelaken kekiyatan, keluhuran sarta kepinteranipun. Wiwit tembung dumeh kiyat lajeng ndadosaken tiyang menika mboten nggadahi raos welass kalayan tiyang ingkang lemah. jalaran tembung dumeh luhur lajeng ndadosaken tiyang menika adigung, Tegesipun mboten purun ngurmati tiyang sanes ingkang asor utawi semena-mena. Amargi tembung dumeh pinter, lajeng mrembet dados adiguna ingkang ateges ngendelaken kepinteraniun kagem ngapusi tiyang sanes.
Wonten setunggal tembang ingkang nyariosaken kaananipun tiyang ingkang adigang adigung sarta adiguna ingkang pungkasanipun ugi mati sampyoh, utawi mati sedayane. Menika tembangipun:
Ana pocapanipun
Adiguna adigang adigung
Pan adigang adigung pan esti
Adiguna ula iku
Telu pisan mati samyoh









0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.