gawe pot kembang saka koran

07/12/14

Carane gawe pot kembang saka koran
dening : Noor Roikhatun N
Dluwang koran kang biasane mung diarani sampah, diarani barang kang ora migunani pranyata bisa dadi barang recycle kang migunani tur endah edi peni. Pot kembang kagawe saka koran lan gendhul bekas aqua. Ing ngisor iki ubarampe kang kudu dicepakake kanggo nggawe pot kembang:
1.  Gendhul bekas aqua watara aqua 600 ml                  
2.   Dluwang koran
3.   Lem tembak (lem dawa warna putih sing biasane kanggo nggawe bros)
Tata cara gawene yaiku:
a.   Gunting koran kanthi cara vertikal utawa awit saka ngisor menduwur kanthi       ukuran ambane watara 1 cm.
b.   Sawie digunting, dluwang kui banjur diplirit (dipilin)
c.    Gendhul aqua digunting kanthi ukuran secukupe kangg nggawe pot kembang.
d.   Dluwang kang wus diplirit banjur ditemplekake menyang gendhul aqua kanthi   nganggo lem tembak.
e.  Sawise dadi, banjur proses kanggo nggawe pot kembang kui tambah edi lan peni, yaiku kanthi dicet utawa ditempleki kembang-kembangan, utawa ditempleki mata-matanan, irung-irungan, lsp. 

Pot kembang kui uga ora mung bisa dadi pot kembang bae, nanging bisa uga dadi panggonan potlot ana ing meja pasinaon.
Liyane kui, dluwang koran uga bisa kagawe kembang mawar kag ora kalah edi lan endhahe. Ubarampe kang kudu dicepakake uga ora adoh saak dluwang koran lan lem tembak , nanging uga nyepakake sedotan maneka werna. 
Wondene tata carane gawe kembang mawar yaiku:
·         Dluwang kertas disuwek dadi rong bageyan.
·         Banjur disuwek maneh dadi rong bageyan
·         Sawise kui ditekuk dadi telung bageyan.
·         Banjur pojok pojok kasil lempitane dilem kareben kuat.
·         Dluwang kang wus dilem banjur ditekuk tekuk kaya mangkene
            



0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.