soal ulangan klas 2 SD semester 1

08/12/14

Soal Ulangan klas 2 SD semester 1
Wangsulana pitakonan ana ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (X) ana ing salah sawijining huruf a, b, utawa c kang koanggep bener!
dening: Noor Roikhatun N

1.      Prabu Pandu kuwi ratu ing negara Hastinapura sing nduwe garwa loro, asmane Dewi Kunthi lan Dewi Madrim. Dewi Kunti nglairake putra lanang telu aiku Yudhistira, Wrekudara, lan Janaka. Dene Dewi Madrim nglairake putra lanang loro kembar yaiku Nakula lan sadewa. Saka garwa lorone, prabu Pandu nduweni putra lima lanang kabeh kang aran Pandhawa lima.
Saka crita ing dhuwur kui, sapa arane bapake pandhawa?
a.       Yudhistira
b.      Nakula
c.       Pandu
2.      Sapa arane ibune Nakula?
a.       Dewi Madrim
b.      Dewi Kunti
c.       Sadewa
3.      Prabu Pandu kui ratu ing negara.......
a.       Hastinapura
b.      Sawojajar
c.       Amarta
4.      Sapa arane anake Dewi Madrim sing kembar?
a.       Nakula lan Janaka
b.      Sadewa lan Wrekudara
c.       Nakula lan Sadewa
5.      Apa sing lagi dilakoni Roni ing gambar ngisor iki?
a.       Nyapu jogan
b.      Ngepel jogan
c.       Ngelapi jogan


6.      Apa sing kudu dilakoni nalika arep budhal               sekolah?
a.       Salim marang bapak ibu
b.      Nyuwun sangu marang bapak ibu
c.       Nangis nyuwun diterake menyang sekolah
7.      Sawise tangi turu Ratih banjur ngrewangi ibune nyaponi omahe, sawuse nyapu banjur...ana kulah. Apa sing dilakoni Ratih ana ing kulah (kamar mandi)?
a.       Adus
b.      Mangan
c.       Nganggo sepatu
8.      Dina kui pancen bocah sregep. Sawuse solat magrib karo keluargane, Dina banjur menyang kamare saperlu...pelajaran esuke.
Apa sing dilakoni Dina nalika ana ing kamare?
a.       Sinau
b.      Turu
c.       Nonton TV
9.      Siji loro telu
Astane sedeku
Mirengake bu guru
Mundak didangu
Saka tembang dolanan ing dhuwur apa sing diarani asta?
a.       Tangan
b.      Sikil
c.       Tutuk
10.  Saka tembang dolanan ing dhuwur apa sing diarani didangu?
a.       Ditakoni
b.      Disengeni
c.       Diparingi hadiah
11.  Tembang dolanan ing dhuwur kui tegese dadi murid kudu...
a.       Manut bu guru
b.      Nangisan
c.       Gojeg dhewe
12.  Apa sing kudu dilakoni nalika tangi turu?
a.       Nonton TV
b.      Nata panggon turu
c.       Nangis ngrusuhi ibu
13.  Alat ing sisih tengen kui nalika digebug  unine kepiye?
a.       Pung
b.      Pret
c.       Tung
14.  Alat ing gambar dhuwur  kui arane apa?
a.       Kendhang
b.      Gitar
c.       Suling
15.  Digawe saka apa alat musik sing ana ing gambar dhuwur kui?
a.       Kulit
b.      Pring

c.       Wesi 

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.