Aku Kangen
Dening turiyo ragilputra
Marang dhalang, trampil sabetane
Marang sindhen, aku kangen cengkok swarane
Marang niyaga, aku kangen gumyak surake
Marang gamelan, aku kangen ngrangin kumandhange
Marang wayang, aku kangen eklas sumarahe
Marang blencong, aku kangen langgeng uripe
Marang panggung, aku kangen ndhuwur kuncarane
Aku kangen marang dhalang ngrapal jantur!
Aku kangen marang sindhen nglaras langgam!
Aku kangen marang niyaga pesta senggak!
Aku kangen marang gamelan asung gendhing!
Aku kangen marang wayang ngrengkuh lakon!
Aku kangen marang blencong murub wahyu!
0 komentar:
Posting Komentar