WIDYATEMBUNG
dening : Noor Roikhatun N
Widyatembung uga diarani ilmu kang ngrembug babagan tembung. Tembung yaiku rerangkening swara kang metu saka njerone tutuk kang ngemu teges lan kasumurupan surasane. Dadi, yen ana rerangken swara kang metu saka njerone tutuk tur ora ngemu teges dudu diarani tembung. Ing ilmu basa, widyatembung lumrah diarani morfologi. Tembung ing basa jawa bisa dibedakake adhedhasar wujud lan isine.
1. Tembung adhedhasar wujude
a. Tembung lingga (kata asal / kata dasar)
Yaiku tembung kang isih wutuh lan durung kawuwuhan imbuhan apa-apa.
Kayata; gong, bom, pari, mustaka.
Tembung lingga bisa dumadi saka sawanda (wanda = suku kata) kayata; bom. Bisa uga dumadi saka rong wanda, kayata; pari, amben, lsp. Utawa bia uga dumadi saka telung wanda, tuladha; rekasa, mustaka, lsp.
b. Tembung andhahan (kata jadian)
Yaiku tembung sing wis owah saka tembung linggane amarga kawuwuhan imbuhan utawa bisa sinebut yen tembung andhahan kui tembung lingga kang den rimbag. Pangrimbage tembung lingga supaya dadi tembung andhahan kui kanthi nyeselake imbuhan ana ing ngarep (ater-ater / prefiks), ing tengah (seselan / infiks), ing mburi (panambang / sufiks), utawa ing ngarep lan ing mburi (imbuhan bebarengan / konfiks).
c. Tembung rangkep (redupikasi)
Ing basa jawa, tembung rangkep kaperang dadi 3, yaiku
· Dwipurwa
yaiku tembung kang wanda kawitane dirangkep utawa tembung kang kawitane dirangkep. Tuladha: bungah dadi bebungah
· Dwilingga
Dwilingga yaiku tembung lingga kang dirangkep.
Dwilingga kaperang dadi 2 yaiku:
1. Dwilingga wutuh.
Yaiku ngrangkep tembung lingga kang wutuh lan ora ana owah-owahane.
Tuladha: celuk-celuk, dolan-dolan, lsp.
2. Dwilingga salin swara
Yaiku tembung lingga sing dirangkep nanging ana owah-owahane. Biasane sing owah yaiku swara ing tembung sepisanan. Tuladha: celak-celuk, montar-montor, lsp.
· Dwiwasana
Yaiku tembung kang wanda pungkasane dirangkep, utawa ngrangkep akhire tembung. Kayata: cekak dadi cekakkak dadi cekakak, Cenges dadi cengesnges dadi cengenges
d. Tembung camboran (komposisi / kata majemuk)
Yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji lan dadi tembung anyar sing nduweni teges anyar uga. Tuladha: maratuwa “wong tuwaane bojo”, buntut urang “rambut kang njenthir ing githok”.
Tembung camboran kui kaperang dadi 2, yaiku:
· Camboran wutuh, yaiku tembung camboran sing dadi saka tembung tembung sing isih wutuh.
Tuladha: randha royal “panganan saka tape sing digoreng”, Nagasari “panganan sakatepung beras lan gedhang”.
· Camboran tugel / camboran wancah, yaiku tembung camboran sing dadi saka tembung sing isih wutuh lan tembung wancah utawa kabeh rupa tembung wancah.
Tembung camboran kui nduweni teges werna-werna
1. Tembung camborang sing tegese “owah kabeh”
Kayata: randha royal, nagasari, lsp.
2. Tembung camboran sing tegese mringkus (spesifik)
Kayata: wit klengkeng lanang “wit klengkeng ssing ora tau awoh”, Wedhus kacang “wedhus sing ora bisa gedhe”
3. Tembung camborang sing tegese “mbangetake”
Kayata: ireng thuntheng “ireng banget”, Peteng dhedhet “ peteng banget”
4. Tembung camboran sing tegese kiasan
Kayata: kembang lambe “dadi grenengan”, Dawa tangan “senengane nyolong”
*sumber : paramasastra gagrag anyar basa jawa
0 komentar:
Posting Komentar