Dumadine desa Karangmalang
dening: Noor Roikhatun N
Syekh ja’far shodiq kui asmane sunan Kudus, yaiku salah sawijining
walisangan kang sugeng ana ing tlatah Kudus. Ing sawijining dina, sunan Kudus
mlaku-mlaku nganti tekan sawijining kampung. Sunan Kudus nduweni niyat arep ngedekake
panggonan ngaji ana tlatah/desa kui, nanging syarate, kudune ora ana sawijining
warga kang ngaweruhi priyayine.
Para warga desa
kui saben esuk padatane nggawa karang gerombolan iring-iringan nalika mlaku ing
dalan. Nganti tekan sawijining panggonan,
sunan Kudus ngaweruhi ana pawongn akeh mlaku renteng-renteng ngebaki dalan
kanthi nggawa karang sing dibongkok. Sunan Kudus banjur ora sida ngedekake
panggonan ngaji ing desa kui amarga wis konangan manungsa. Denen wit jati sing
wis ditancepake ing lemah sing arep digawe tetenger kanggo ngedekake panggonan
sinau kui ora sdida dijabut. Suwening suwe, wit jati kui banjur urip gedhe lan
diarani jati growong amarga wite gedhe nnging bagean tengahe growong. Dene desa
kui banjur diwenenhe jengen dening sunan Kudus kanthi aran “Karangmalang” kang mratandhani
pakaryan padatane warga desa kui.
0 komentar:
Posting Komentar