Prabu pandu kuwi ratu ing negara Hastinapura sing nduwe garwa loro, asmane Dewi Kunthi lan Dewi Madrim. Dewi Kunti nglairake putra lanang telu aiku Yudhistira, Wrekudara, lan Janaka. Dene Dewi Madrim nglairake putra lanang loro kembar yaiku Nakula lan sadewa. Saka garwa lorone, prabu Pandu nduweni putra lima lanang kabeh kang aran Pandhawa lima. Urut – urutane pandhawa saka sing paling tua yaiku; Yudhistira, Wrekudara, Janaka, Nakula lan Sadewa.
Yudhistira, anak mbarepe prabu Pandu nduweni jeneng liyane yaiku Puntadewa. Puntadewa nduweni watak adil, sabar, jujur, lan manut utawa taat maring agama. Yudhiatira nduweni aji-aji utawa gaman yaiku kitab Jamus Kalimasada, payung Tunggulnaga (kekarone dadi aji-aji utamane kerajaan Amarta), lan kalung Robyong Mustikawarih sing ana ing kulite Yudhistira.
Wrekudara, anak nomer lorone prabu Pandu nduweni dasanama Bima, lan Bimasena. Wrekudara nnduweni watak wani, kuat, tabah, manutan, jujur lan nganggep sapa wae pada ing drajate, saengga Bima ora tau nganggo basa krama karo sapa wae lan ora tau lungguh ing ngarepe sapa wae. Bima gelem nganggo basa krama lan lungguh namung pas ngadep Dewa Ruci. Bima nduweni gamman rupa kuku pancanaka, gada rujakpala, alugara, Bargawa (kapak gedhe) lan bargawasta. Bima uga nduweni aji-aji kayata aji bandung bandawasa, aji ketuglindhu, aji bayubraja, lan aji blabak pangantol-antol.
Janaka nduweni dasanama kayata Arjuna lan permadi. Arjuna kuwi satriya ing Madukara. Arjuna nduweni watak; pinter, cerdik, menengan, tliti, sopan, wani lan nglindungi wong lemah. Arjuna nduweni pusaka kayata; gandewa, panah ardadali, lan panah cundamanik.
Nakula nduweni pusaka cupu “banyu panguripan”, aji pranawajati lan cupu tirtamanik. Nakula nduweni watak jujur, setya, taat, asih. Nakula kuwi satriya ing sawojajar. Wondene Sadewa nduweni dasanama tangsen.
dening: Noor Roikhatun N
0 komentar:
Posting Komentar