Tembang Buruh
Dening Turiyo Ragilputra
Kringet manjilma getih wis bali marang kasajaten
Ngemonah saplinthi napas sadawane tampar nasib
Kareben perangan kebak kaendahan saka urip iki
Bisa tumelung marang tanduran kebak kasangsayan
Tumrap nasib getir sing kudu digulawenthah sarana esem
Lan kalamangsane beja sumelip tangis kabungahan
Saka anak bojo sing kulina wawuh lawan rerintih
Linambaran pangerten marang pandum sing wis ginaris
Najan sapira ngungune rasa pangrasa ati
Anane satetes rejeki sing tetep digemateni
Dalan-dalan panas diambah kanthi jangkah kebak donga
0 komentar:
Posting Komentar