Telaah lagu dolanan “dhondhong apa salak”
Telaah lagu dolanan “dhondhong apa salak”
Cakepan
Dhondhong apa salak, duku cilik-cilik
Ngandhong apa mbecak, mlaku timik-timik
Dhondhong apa salak, duku cili-cilik
Ngandhong apa mbecak, mlaku timik-timik
Adhik nderek ibu tindhak menyang pasar
Ora pareng rewel ora pareng nakal
Ibu mengko mesthi mundhut oleh-oleh
Kacang karo roti adhik diparingi
Dhondhong apa salak, duku cilik-cilik
Gendhong apa pundhak aja ngitik-itik
Tembang dolanan dhondhong apa salak saged dipuntelaah saking
tembungipun, inggih menika:
Dhondhong.
Tembung dhondhong menika arane salah setunggal woh-wohan ingkang
asring dipundadosaken pepindhan kagem tiyang ingkang sae lairipun nanging
wonten ing batosipun mboten sae. Dados tembung dhondhong menika maringi pitedah
supados sampun ningali tiyang saking njaban utawi bentuk luar kemawon, nanging
ugi kedah dipunwigatosaken babagan penggalih sarta patrapipun.
Salak.
Tembung salak menika arane salah setunggal woh-wohan ingkang ugi
asring dadosaken pepindhan kagem tiyang ingkang awon lairipun nanging sae
batosipun. Sejatosipun tembung menika badhe maringi pitedah supados ningai
tiyang kedah saking patrap sara penggalihipun, sampun ngantos kecuwan “menilai”
tiyang saking njabanipun kemawon.
Duku.
Duku ugi arane salah setunggal woh-wohan ingkang sae lairipun ugi
isenipun, kadosta pralambangipun tiyang ingakang sae lairipun sarta batosipun.
Pramila wonten ing tembang menika dipunginakaken pitedah kagem tiyang enem
bilih antawisipun dhondhong utawi salak nanging dipunpundhut malah duku ingkang
sae njaban utawi lebetipun.
Ngandhong apa mbecak mlaku timik-timik.
Ngandhong kalayan mbecak menika ateges tumindak nanging kanthi
pambiyantunipun tiyang sanes. Nanging saking kekalih menika langkung sae
mlaku utawi mlampah kanthi suku piyambak senajan timik-timik utawi alon-alon.
Adik ndherek ibu tindhak menyang pasar.
Tembung menika mratandhakaken padatanipun bocah alit nalika
ibunipun tindahak menyang pasar lajeng tumut.
Ora pareng rewel ora pareng nakal.
Menika nggadhahi teges pituturipun ibu kagem putranipun supados
sampun ngantos rewel manapa malih nakal nalika nderek ibu tindhakan.
Ibu mengko mesti mundhut oleh-oleh.
Menika pengreh-rehipun ibu kagem putranipun supados keng putra
mboten rewel sarta nakal.
Kacang karo roti adhik diparingi.
Menika ngandhut suraos bilih ibu menika mesti maringi hadiah kagem
putranipun ingkang purun manut dhateng pitedahipun ibu.
Gendhong apa pundhak aja ngitik-itik.
Menika setunggal piteedah kagem bocah alit ingkang padatanipun
nyuwun gendhong supados nalika dipun gendhong sampun ngantos ngitik-itik, sarta
mboten pareng murang tata kalayan tiyang ingkang langkung sepuh.
dening: Noor Roikhatun N

0 komentar:
Posting Komentar