Slametan Kanthi Tatacara Kudus
Dening : Noor Roikhatun N
Kenduri utawi selametan menika kathah jinisipun, salah
setunggalipun inggih menika kenduri nalika mengeti dinten tilar donya. Kenduri
menika tradhisi ingkang dipunancas kagem dongakaken para arwah ingkang sampun
tilar donya. Wonten ing saperangan kitha kadosta kitha Kudus, tradhisi menika
asring dipunwastani tradhisi tahlilan.
Tradhisi tahlilan menika salah setunggal tradhisi ingkang limrah
dipunwontenaken sabibaripun wonten keluarga ingkang nembe tilar donya. Tradhisi
tahlilan utawi selametan utawi kenduri menika wonten ingkang nyebat bilih
kapundhut saking tradhisi pinda pitre yajna wonten ing agami hindu. Para warga
ingkang nganut agami hindhu pitados bilih tiyang ingkang sampun tilar donya
lajeng nglampahi “karma” inggih menika kados reinkarnasi dados kewan, wit-witan
dewa, lan sanes sanesipun kados amal pedamelanipun. Watawis setunggal ngantos
pitung dinten roh ingkng sampun tilar donya menika wangsul malih dhateng
dalemipun, semanten ugi nalika ngancik dinten kaping 40, 100, setunggal taun, kalih taun, lan 1000 dinten saking tilar donyanipun. Pramila, para warga ingakng manut agami hindhu ndamel
sajen sarta donga arupi mantra mantra supados roh ingkang sampun tilar donya
menika saged nglampahi karma kanthi sae.
Upacara Pinda Pitre Yajna menika dipunwiwiti kanthi upacara
aghnideya, inggih menika upacara ngobong menyan kagem ngundang roh utawi dewa,
kalajengaken upacara nyerahaken sajen arupi panganan sarta omben omben kagem
para dewa, lajeng maos mantra mantra supados sedaya ingkang dados kebetahanipun
menika saged awujud.
Sasampunipun agami islam mlebet wonten ing tanah jawi, para wali
ingkang nyebaraken agami islam sami nggabungaken upacara pinda pitre yajna
kalayan agami islam. Inggih menika nggantos sajen kanthi banca’an ingkang
dipunbandumaken kalayan tangga tepalih utawi para tamu ingkang sami rawuh ing
tradhisi menika. Salajengipun, nggantos upacara ingkang ngagem mantra kanthi
acara dedonga sesarengan sarana agami islam inggih menika tahlilan kanthi
ngagem donga bahasa arab. Wonten ing kitha Kudus samenika tasih mengeti upacara
nelung dina, mitung dina, matang puluh dina, nyatus, nyewu, sarta mendak pisan, mendak pindho lan sanes sanesipun. Sami ugi tatacaranipun, inggih menika sampun ngagem
tatacara agami islam. Tatacaranipun inggih menika, dedonga sesarengan ingkang
dipunwiwiti kanthi tahlilan, lajeng dipunpungkasi kanthi bandumake sekul
berkat. Sekul berkat inggih emnika, sekul ingkang dipunwadahi wonten ing kerdus
ingkang dipunbundeli kanthi tali rafia, wosipun inggih menika, sekul, ulam ayam
utawi ulam bandeng, sarta jajanan kadosta apem, pisang, ketan, lan
sanes-sanesipun.
0 komentar:
Posting Komentar