Ron Suruh
Dening: Noor Roikhatun N
Sinten ingkang mboten mangertosi ron menika?
Inggih, kaleresan, ron menika namanipun ron suruh. Ron suruh menika
ron ingkang asring dipuntingali wonten ing saindenging bumi Jawa menika.
Nanging sinten ingkang mangertosi bilih ron menika nggadhahi manfaat ingkang
ageng sanget tumraping tiyang gesang. Ron menika nggadahi guna kadosta:
v Ngicalaken ambu badan ingkang dipunsebabaken dening bakteri sarta
cendawan (jamur).
v Ngicalaken ambu mboten eca saking tutuk sarta nambani sariawan
nalika kemu kalayan toya godogan suruh.
v Nambani keputihan kagem tiyang estri nalika cawik kalayan toya
godogan ron suruh.
v Nambani mimisen, kanthi nglebetaken ron suru wonten ing grana
ingkang nembe mimisen.
v Ngresiki peningal kanthi netesaken toya godogan ron suruh wonten
ing peningal.
v Nambani korengen kanthi ngompres koreng wonten ing toya godogan
suruh.
v Ngirangi jerawat nalika raup kalayan toya godogan ron suruh.
v Ngiyataken waja nalika dipundhahar (dimamah) kalayan gambir, ijet,
sarta pinang.
v Obat anti radang kanthi nginum toya godogan ron suruh.
v Marasaken tatu utawi borok ingkang wonten ing kulit sarta gangguan
pencernaan, amargi ron suruh nggadahi sipat nahan penggetihen.
v Medalaken riyak utawi dahak, amargi ron suru nggadhahi sipat
ngerutaken.
v Ngluruhaken widu, hemostatik.
v Mandhegaken penggetihen kadosta nalika mimisen
v Dados pstisida nabati, kagem
ngendhalikaken ama pengisep, amargi suruh alas nggadhahi kandhutan fenol sarta
kavikol.
Mekaten kinten-kinten keginaan saking ron suruh, mugi-mugi pawarta
menika migunani.
0 komentar:
Posting Komentar