Sega Jangkrik Lan Bubur Asyura
Dening : Noor Roikhatun N
Sega jangkrik utawa sega menara yaiku panganan kang kudu ana ing
wektu buka luwure kanjeng sunan Kudus yaiku antarane tanggal 10 muharrom. Sega
jangkrik kui bentuke kaya kepelan sega kang dibungkus godhong jati lan ditaleni
karo suwekan pring. Sega jangkrik isine mung sega karo lawuh daging kebo utawa
daging wedhus sing dibumbu garang asem. Bumbu garang asem kui sing mula bukane
dadi arane jangkrik. Ing panganan sega jangkrik ora menganggo daging sapi
amarga ana ing kutha Kudus para wargane isih manut pituture sunan Kudus yaiku
ora nyembelih kewan sapi, pramila migunakake daging kebo lan daging wedhus
kanggo gentine.
Saliyane sega jangkrik, panganan kang kudu ana ing buka luwure
kanjeng sunan Kudus yaiku bubur asyura. Bubur iki digawe saka wolung jinis bahan
kang beda-beda, yaiku beras, jagung, dele, tela, tolo, gedhang, kacang ijo,
kacang kulit utawa kacang brol. Bahan bahan mau dimasak dadi siji. Bubur asyura
ora nganggo piring nalika dicepakake, annging nganggo godhong jati. Ing dhuwure
bahan bahan kang wis dimasak mau diwuwuri pentul, cambah, lombok abang, tahu
goreng, tempe goreng, teri goreng, urang, lan sapiturute. Pentul kui gorengan
kang bentuke bunder tur kagawe saka campuran bahan bahan klapa, daging, gandum,
dicampur gula abang, lan ditambah godhong jeruk sing digawe bentuk bunder
cilik-cilik banjur digoreng. Bedane bubur assyura lan seg ajangkrik yaiku wektu
bandumake. Yen bubur asyura kui dibandumake sedina sedurunge puncak buka luwur
yaiku antarane tanggal 9 muharrom lan dibandumake marang tangga teparo, ora
kanggo rebutan kaya dene sega jangkrik.
.jpg)
0 komentar:
Posting Komentar