Wayang
Dening: Noor Roikhatun N
Wayang inggih menika setunggal kesenian ingkang tasih dipunremeni
dening sedaya masyarakat. Wayang menika kesenian tilaranipun para sesepuh
ingkang tasih dipunugemi, dipunuri-uri dening para warga. Wonedene jinising
wayang emnnika kathah sanget, kadosta:
1.
Wayang
purwa
Wayang purwa ugi sinebat wayang kulit amargi dipundamel saking
kulit sapi utawi kulit maesa. Wayang menika nyariosaken crios ramayana sarta mahabharata. Ingkang sepisanan nganggit
wayang kulit inggih menika sunan kalijaga. Wayang menika ugi ngginakaken layar
utawi kelir nalika dipunginakaken.
2.
Wayang
golek
Wayang golek ugi sinebat wayang tengul. Wayang menika dipundamel
saking kajeng ingkang dipunparingi agmean kados manungsa. Ingkang
dipuncariosaken inggih menika crios sejarah kadosta crios babagan batavia,
lsp. Wayang menika mboten ngginakaken
kelir naika nembe pentas.
3.
Wayang
krucil
Wayang menika ugi dipunsebat kanthi wayang klithik. Wayang menika
dipundamel saking kajeng sarta bentukipun kados wayang kulit. Padatanipun
nyariosaken crios damarwulan sarta majapahit. Bentenipun kalayan wayang kulit
inggih menika nalika nancepaken wayang. Menawi wayang klithik dipuntacepaken
wonten ing kajeng ingkang sampun dipunbolongi, mboten ngagem wit pisang.
4.
Wayang
beber
Wayang menika dipundamel saking lembaran kulit sapi utawi kain.
Saben lembar menika setunggal adegan crios. Menawi sampun mboten
dipunginakaken, wayang menika dilempit. Wayang menika kaanggit nalika jaman
majapait.
5.
Wayang
gedog
Wayang menika mirip wayang kulit. Criosipun saking jawa, kadosta
crios mataram, kediri, lsp. Wayang menika namung ngantos tahun 1400 sarasan.
6.
Wayang
suluh
Wayang menika asring kagem “penerangan utawi penyuluhan”
masyarakat. Wayang menika arupi wayang modern ingkang dipunparingi ageman kadosta
manungsa. Wayang menika nyariosaken babagan perjuangan bangsa Indonesia nalika
nglawan penjajah.
7.
Wayang
titi
Wayang menika wayang cina. Pramila saged dipuntingali wonten ing
klentheng utawi kampung-kampung cina.
8.
Wayang
Madya
Wayang menika dipunanggit dening K.G Mangkunegara IV awal abad
XVIII. Criosipun babagan pandawa nalika sampun rampung perang baratayuda.
9.
Wayang
Wahyu
Wayang menika sinebat wayang bibel. Criosipun saking kitab injil,
dipunanggit dening Bruder Themotheos kagem nyiaraken agama kristen.
10.
Wayang
wong
Menika wayang purwa ingkang dipunpentasaken dening manungsa.
Criosipun sami kalayan wayang purwa.
*sumber: wayang (Nanda M.H.)
0 komentar:
Posting Komentar